Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rad Ayahs #8 Translated in Jawa

وَفِي الْأَرْضِ قِطَعٌ مُتَجَاوِرَاتٌ وَجَنَّاتٌ مِنْ أَعْنَابٍ وَزَرْعٌ وَنَخِيلٌ صِنْوَانٌ وَغَيْرُ صِنْوَانٍ يُسْقَىٰ بِمَاءٍ وَاحِدٍ وَنُفَضِّلُ بَعْضَهَا عَلَىٰ بَعْضٍ فِي الْأُكُلِ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَعْقِلُونَ
Lan ing bumi ana talatah- talatah kang sasandhingan sarta kebon-kebon anggur lan gandum sarta kurma mawa oyod siji lan mawa oyod béda- béda, _ padha dibanyoni kalawan banyu sawiji, lan ing dalem woh- ing kang sawenèh Ingsun luwihaké becik angungkuli sawenèhé; sayekti ing kéné iki temen ana tandha- tandha tumrap wong kang padha mangerti
وَإِنْ تَعْجَبْ فَعَجَبٌ قَوْلُهُمْ أَإِذَا كُنَّا تُرَابًا أَإِنَّا لَفِي خَلْقٍ جَدِيدٍ ۗ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ ۖ وَأُولَٰئِكَ الْأَغْلَالُ فِي أَعْنَاقِهِمْ ۖ وَأُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ
Lan manawa sira gumun, lah pangucapé iya padha anggumun- aké: Apa! manawa aku wis dadi lemah, apa aku temen padha ana ing dalem titah kang anyar? Iki para kang padha kafir marang Pangérané lan iki ing guluné padha ana ranténé, sarta iki para wong- wonging geni; padha ana ing kono pamanggoné
وَيَسْتَعْجِلُونَكَ بِالسَّيِّئَةِ قَبْلَ الْحَسَنَةِ وَقَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِمُ الْمَثُلَاتُ ۗ وَإِنَّ رَبَّكَ لَذُو مَغْفِرَةٍ لِلنَّاسِ عَلَىٰ ظُلْمِهِمْ ۖ وَإِنَّ رَبَّكَ لَشَدِيدُ الْعِقَابِ
Dhèwèké padha anggégé ing sira marang ala ing sadurungé kabecikan, lan temen ing sadu- rungé dhèwèké wis kalakon ana siksa kang dadi pola; lan sayekti, Pangéranira iku Ingkang- Kagungan-pangapura tumrap para manusa, sanajan padha atindak dudu; lan sayekti Pangéranira iku keras ing pamales
وَيَقُولُ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْلَا أُنْزِلَ عَلَيْهِ آيَةٌ مِنْ رَبِّهِ ۗ إِنَّمَا أَنْتَ مُنْذِرٌ ۖ وَلِكُلِّ قَوْمٍ هَادٍ
Lan padha calathu para kang padha kafir: Yagéné ora ana tan- dha saka Pangérané kang katurun- aké marang dhèwèké? Sira iku mung juru-pépéling lan panuntun tumrap siji-sijining bangsa
اللَّهُ يَعْلَمُ مَا تَحْمِلُ كُلُّ أُنْثَىٰ وَمَا تَغِيضُ الْأَرْحَامُ وَمَا تَزْدَادُ ۖ وَكُلُّ شَيْءٍ عِنْدَهُ بِمِقْدَارٍ
Allah angudanèni apa kang kinandhut ing siji-sijining wadon, sarta apa kang ora kasampurnak- aké déning talanakan lan apa kang kawuwuhaké ; lan samu- barang iku ana ing ngarsa-Né ana papasthèné

Choose other languages: