Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rad Ayahs #10 Translated in Jawa

وَيَسْتَعْجِلُونَكَ بِالسَّيِّئَةِ قَبْلَ الْحَسَنَةِ وَقَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِمُ الْمَثُلَاتُ ۗ وَإِنَّ رَبَّكَ لَذُو مَغْفِرَةٍ لِلنَّاسِ عَلَىٰ ظُلْمِهِمْ ۖ وَإِنَّ رَبَّكَ لَشَدِيدُ الْعِقَابِ
Dhèwèké padha anggégé ing sira marang ala ing sadurungé kabecikan, lan temen ing sadu- rungé dhèwèké wis kalakon ana siksa kang dadi pola; lan sayekti, Pangéranira iku Ingkang- Kagungan-pangapura tumrap para manusa, sanajan padha atindak dudu; lan sayekti Pangéranira iku keras ing pamales
وَيَقُولُ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْلَا أُنْزِلَ عَلَيْهِ آيَةٌ مِنْ رَبِّهِ ۗ إِنَّمَا أَنْتَ مُنْذِرٌ ۖ وَلِكُلِّ قَوْمٍ هَادٍ
Lan padha calathu para kang padha kafir: Yagéné ora ana tan- dha saka Pangérané kang katurun- aké marang dhèwèké? Sira iku mung juru-pépéling lan panuntun tumrap siji-sijining bangsa
اللَّهُ يَعْلَمُ مَا تَحْمِلُ كُلُّ أُنْثَىٰ وَمَا تَغِيضُ الْأَرْحَامُ وَمَا تَزْدَادُ ۖ وَكُلُّ شَيْءٍ عِنْدَهُ بِمِقْدَارٍ
Allah angudanèni apa kang kinandhut ing siji-sijining wadon, sarta apa kang ora kasampurnak- aké déning talanakan lan apa kang kawuwuhaké ; lan samu- barang iku ana ing ngarsa-Né ana papasthèné
عَالِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ الْكَبِيرُ الْمُتَعَالِ
Ingkang-Anguningani kang ora katon lan kang katon, Ingkang- Agung, Ingkang-Mahaluhur
سَوَاءٌ مِنْكُمْ مَنْ أَسَرَّ الْقَوْلَ وَمَنْ جَهَرَ بِهِ وَمَنْ هُوَ مُسْتَخْفٍ بِاللَّيْلِ وَسَارِبٌ بِالنَّهَارِ
Padha sapa saka ing antaranira kang anyingidaké pangucap lan sapa kang anglairaké apa déné sapa kang singidan ing wengi tuwin kang metu ing raina

Choose other languages: