Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rad Ayahs #42 Translated in Jawa

وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا رُسُلًا مِنْ قَبْلِكَ وَجَعَلْنَا لَهُمْ أَزْوَاجًا وَذُرِّيَّةً ۚ وَمَا كَانَ لِرَسُولٍ أَنْ يَأْتِيَ بِآيَةٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ ۗ لِكُلِّ أَجَلٍ كِتَابٌ
Lan sayekti temen Ingsun wus angutus para utusan ing sadurung- ira sarta padha Ingsun paringi jodho lan turun; lan ora dumunung ana ing utusan ane- kakaké tandha iku, kajaba kalawan idining Allah; tumrap sarupaning katamtuan iku ana mangsané kang tinamtu
يَمْحُو اللَّهُ مَا يَشَاءُ وَيُثْبِتُ ۖ وَعِنْدَهُ أُمُّ الْكِتَابِ
Allah angilangi sarta anetep- aké apa kang dadi keparenging karsa-Né; lan ana ing ngarsa-Né tatalesing Kitab iku
وَإِنْ مَا نُرِيَنَّكَ بَعْضَ الَّذِي نَعِدُهُمْ أَوْ نَتَوَفَّيَنَّكَ فَإِنَّمَا عَلَيْكَ الْبَلَاغُ وَعَلَيْنَا الْحِسَابُ
Lan Ingsun bakal ameruhaké marang sira sapérangané kang Ingsun ancamaké marang dhèwèké utawa Ingsun agawé patinira, amarga sasangganira iku mung anekakaké ayahan, déné amancasi pétungané iku ana ing Ingsun
أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّا نَأْتِي الْأَرْضَ نَنْقُصُهَا مِنْ أَطْرَافِهَا ۚ وَاللَّهُ يَحْكُمُ لَا مُعَقِّبَ لِحُكْمِهِ ۚ وَهُوَ سَرِيعُ الْحِسَابِ
Apa ta padha ora andeleng anggon-Ingsun angrawuhi bumi Ingsun elongi saka tepis-iringé? lan Allah iku amancasi – ora ana kang bisa ambadhal marang pancasan-É, lan Panjenengané iku rikat ing dalem pangétung
وَقَدْ مَكَرَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَلِلَّهِ الْمَكْرُ جَمِيعًا ۖ يَعْلَمُ مَا تَكْسِبُ كُلُّ نَفْسٍ ۗ وَسَيَعْلَمُ الْكُفَّارُ لِمَنْ عُقْبَى الدَّارِ
Lan para ing sadurungé dhèwèké iku temen wis padha andhapuk rancangan, ananging kabèh pangrancang iku ana ing Allah; Panjenengané anguningani apa panggawéné siji- sijining jiwa, lan para kafir bakal weruh, kawusananing padunungan iku bagéané sapa

Choose other languages: