Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rad Ayahs #41 Translated in Jawa

وَكَذَٰلِكَ أَنْزَلْنَاهُ حُكْمًا عَرَبِيًّا ۚ وَلَئِنِ اتَّبَعْتَ أَهْوَاءَهُمْ بَعْدَمَا جَاءَكَ مِنَ الْعِلْمِ مَا لَكَ مِنَ اللَّهِ مِنْ وَلِيٍّ وَلَا وَاقٍ
Lan kaya mangkono anggon Ingsun andhawuhaké iku, sawiji- ning pancasan bener ing basa Arab, lan manawa sira manut pépénginané kang asor-asor ing sawisé ana kawruh tumeka marang sira, sira ora bakal duwé panga- yoman utawa panjaga minangka panulaking Allah
وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا رُسُلًا مِنْ قَبْلِكَ وَجَعَلْنَا لَهُمْ أَزْوَاجًا وَذُرِّيَّةً ۚ وَمَا كَانَ لِرَسُولٍ أَنْ يَأْتِيَ بِآيَةٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ ۗ لِكُلِّ أَجَلٍ كِتَابٌ
Lan sayekti temen Ingsun wus angutus para utusan ing sadurung- ira sarta padha Ingsun paringi jodho lan turun; lan ora dumunung ana ing utusan ane- kakaké tandha iku, kajaba kalawan idining Allah; tumrap sarupaning katamtuan iku ana mangsané kang tinamtu
يَمْحُو اللَّهُ مَا يَشَاءُ وَيُثْبِتُ ۖ وَعِنْدَهُ أُمُّ الْكِتَابِ
Allah angilangi sarta anetep- aké apa kang dadi keparenging karsa-Né; lan ana ing ngarsa-Né tatalesing Kitab iku
وَإِنْ مَا نُرِيَنَّكَ بَعْضَ الَّذِي نَعِدُهُمْ أَوْ نَتَوَفَّيَنَّكَ فَإِنَّمَا عَلَيْكَ الْبَلَاغُ وَعَلَيْنَا الْحِسَابُ
Lan Ingsun bakal ameruhaké marang sira sapérangané kang Ingsun ancamaké marang dhèwèké utawa Ingsun agawé patinira, amarga sasangganira iku mung anekakaké ayahan, déné amancasi pétungané iku ana ing Ingsun
أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّا نَأْتِي الْأَرْضَ نَنْقُصُهَا مِنْ أَطْرَافِهَا ۚ وَاللَّهُ يَحْكُمُ لَا مُعَقِّبَ لِحُكْمِهِ ۚ وَهُوَ سَرِيعُ الْحِسَابِ
Apa ta padha ora andeleng anggon-Ingsun angrawuhi bumi Ingsun elongi saka tepis-iringé? lan Allah iku amancasi – ora ana kang bisa ambadhal marang pancasan-É, lan Panjenengané iku rikat ing dalem pangétung

Choose other languages: