Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rad Ayahs #37 Translated in Jawa

أَفَمَنْ هُوَ قَائِمٌ عَلَىٰ كُلِّ نَفْسٍ بِمَا كَسَبَتْ ۗ وَجَعَلُوا لِلَّهِ شُرَكَاءَ قُلْ سَمُّوهُمْ ۚ أَمْ تُنَبِّئُونَهُ بِمَا لَا يَعْلَمُ فِي الْأَرْضِ أَمْ بِظَاهِرٍ مِنَ الْقَوْلِ ۗ بَلْ زُيِّنَ لِلَّذِينَ كَفَرُوا مَكْرُهُمْ وَصُدُّوا عَنِ السَّبِيلِ ۗ وَمَنْ يُضْلِلِ اللَّهُ فَمَا لَهُ مِنْ هَادٍ
Lah apa ta Panjenengané, kang rumeksa sarupaning jiwa tumrap apa panggawéné. ? Éwadéné dhèwèké padha agawé sekuthon tumrap Allah. Calathua: Padha jenengna; apa ta kowé arep anerangaké marang Panjenengané prakara barang kang Panjenengané ora pirsa ing bumi, utawa apa ta kalawan pangucap kang lair? Balik tu- mrap kang padha kafir rancangané padha rinengga-nengga sarta padha tinulak saka ing dadalan; lan sapa kang disasaraké déning Allaha ora bakal duwé panuntun
لَهُمْ عَذَابٌ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۖ وَلَعَذَابُ الْآخِرَةِ أَشَقُّ ۖ وَمَا لَهُمْ مِنَ اللَّهِ مِنْ وَاقٍ
Bakal padha olèh siksa ing dalem kauripan donya, sarta siksa- ning akhirat sayekti luwih abanget, apa déné ora bakal duwé panga- yoman minangka panulak ing Allah
مَثَلُ الْجَنَّةِ الَّتِي وُعِدَ الْمُتَّقُونَ ۖ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ ۖ أُكُلُهَا دَائِمٌ وَظِلُّهَا ۚ تِلْكَ عُقْبَى الَّذِينَ اتَّقَوْا ۖ وَعُقْبَى الْكَافِرِينَ النَّارُ
Sanépané patamanan kang di- janjèkaké para wong bekti iku: ing jeroné kali-kaliné padha mili; woh-wohané tanpa pedhot, lan ayomé; iki ka- wusanané para kang padha prayit- na , lan kawusanané para kafir iku geni
وَالَّذِينَ آتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ يَفْرَحُونَ بِمَا أُنْزِلَ إِلَيْكَ ۖ وَمِنَ الْأَحْزَابِ مَنْ يُنْكِرُ بَعْضَهُ ۚ قُلْ إِنَّمَا أُمِرْتُ أَنْ أَعْبُدَ اللَّهَ وَلَا أُشْرِكَ بِهِ ۚ إِلَيْهِ أَدْعُو وَإِلَيْهِ مَآبِ
Lan para kang wus padha Ingsun paringi Kitab iku padha bungah marang apa kang kadha- wuhaké marang sira, lan para papanthan ana kang ngemohi sapérangan iku. Calathua: Aku iki mung didhawuhi, supaya aku angawulani Allah lan ora anya- kuthokaké apa-apa karo Panjene- ngané; marang Panjenengané panguwuhku , sarta marang Panjenengané baliku
وَكَذَٰلِكَ أَنْزَلْنَاهُ حُكْمًا عَرَبِيًّا ۚ وَلَئِنِ اتَّبَعْتَ أَهْوَاءَهُمْ بَعْدَمَا جَاءَكَ مِنَ الْعِلْمِ مَا لَكَ مِنَ اللَّهِ مِنْ وَلِيٍّ وَلَا وَاقٍ
Lan kaya mangkono anggon Ingsun andhawuhaké iku, sawiji- ning pancasan bener ing basa Arab, lan manawa sira manut pépénginané kang asor-asor ing sawisé ana kawruh tumeka marang sira, sira ora bakal duwé panga- yoman utawa panjaga minangka panulaking Allah

Choose other languages: