Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nur Ayahs #10 Translated in Jawa

وَالَّذِينَ يَرْمُونَ أَزْوَاجَهُمْ وَلَمْ يَكُنْ لَهُمْ شُهَدَاءُ إِلَّا أَنْفُسُهُمْ فَشَهَادَةُ أَحَدِهِمْ أَرْبَعُ شَهَادَاتٍ بِاللَّهِ ۙ إِنَّهُ لَمِنَ الصَّادِقِينَ
Dene wong kang ndakwa zina marang rabine dhewe ing mangka ora duwe saksi kejaba awake iku wajib anggone nekseni kaping papat nganggo supata demi Allah, menawa dheweke iku temen - temen anggone ndakwa tumindake zina marang rabine
وَالْخَامِسَةُ أَنَّ لَعْنَتَ اللَّهِ عَلَيْهِ إِنْ كَانَ مِنَ الْكَاذِبِينَ
Dene saksi kaping lima yaiku dheweke sumpah, menawa pendakwane mau goroh muga - muga dibendoni dening Allah
وَيَدْرَأُ عَنْهَا الْعَذَابَ أَنْ تَشْهَدَ أَرْبَعَ شَهَادَاتٍ بِاللَّهِ ۙ إِنَّهُ لَمِنَ الْكَاذِبِينَ
Dene wong wadon (rabine) kang didakwa tumindak zina mau iya bisa ora kepatrapan patrapane wong kang tumindak zina sarana nganti nekseni kaping papat nganggo supata Demi Allah. Lan saktemene pendakwane wong lanang mau goroh
وَالْخَامِسَةَ أَنَّ غَضَبَ اللَّهِ عَلَيْهَا إِنْ كَانَ مِنَ الصَّادِقِينَ
Dene saksi kang kaping lima yaiku dheweke sumpah, menawa pendakwane zina bojone mau temen, wong wadon kang didakwa mau muga - muga kena benduning Allah
وَلَوْلَا فَضْلُ اللَّهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهُ وَأَنَّ اللَّهَ تَوَّابٌ حَكِيمٌ
Sak upama ora ana kanugrahan lan rahmate Allah marang sira kabeh (mesthi bab pendakwa zina kang mengkono mau, digoleki keterangane) nanging kersane Allah ora mengkono. Saktemene Allah iku kepareng ngapura dosane wong kang tobat tur wicaksana

Choose other languages: