Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nur Ayahs #13 Translated in Jawa

وَالْخَامِسَةَ أَنَّ غَضَبَ اللَّهِ عَلَيْهَا إِنْ كَانَ مِنَ الصَّادِقِينَ
Dene saksi kang kaping lima yaiku dheweke sumpah, menawa pendakwane zina bojone mau temen, wong wadon kang didakwa mau muga - muga kena benduning Allah
وَلَوْلَا فَضْلُ اللَّهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهُ وَأَنَّ اللَّهَ تَوَّابٌ حَكِيمٌ
Sak upama ora ana kanugrahan lan rahmate Allah marang sira kabeh (mesthi bab pendakwa zina kang mengkono mau, digoleki keterangane) nanging kersane Allah ora mengkono. Saktemene Allah iku kepareng ngapura dosane wong kang tobat tur wicaksana
إِنَّ الَّذِينَ جَاءُوا بِالْإِفْكِ عُصْبَةٌ مِنْكُمْ ۚ لَا تَحْسَبُوهُ شَرًّا لَكُمْ ۖ بَلْ هُوَ خَيْرٌ لَكُمْ ۚ لِكُلِّ امْرِئٍ مِنْهُمْ مَا اكْتَسَبَ مِنَ الْإِثْمِ ۚ وَالَّذِي تَوَلَّىٰ كِبْرَهُ مِنْهُمْ لَهُ عَذَابٌ عَظِيمٌ
(Muhammad) saktemene wong - wong kang padha nggowo kabar goroh iku iya saka golonganira uga, nanging pawarta kang disebarake dening wong - wong iku aja sira anggep ala mungguhing Allah, nanging iku becik tumrap risa, (nalika semana ana saweneh wong mu’min kang ndakwa zina marang rabinira Siti ’Aisyah). SIji - sijine wong mesthi bakal kapatrapan dosa apa kang ditindakake dhwee. Dene golonganira kang kapatrapan dosa gedhe ndakwa zina mau, mesthi bakal pikantuk siksa kang abot
لَوْلَا إِذْ سَمِعْتُمُوهُ ظَنَّ الْمُؤْمِنُونَ وَالْمُؤْمِنَاتُ بِأَنْفُسِهِمْ خَيْرًا وَقَالُوا هَٰذَا إِفْكٌ مُبِينٌ
(He wong mukmin) nalika sira padha krungu pendakwa zina mau apa ora banjur ngira menawa golongan mukmin iku becik, sarta banjur padha ngucap pendakwa iki cetha goroh
لَوْلَا جَاءُوا عَلَيْهِ بِأَرْبَعَةِ شُهَدَاءَ ۚ فَإِذْ لَمْ يَأْتُوا بِالشُّهَدَاءِ فَأُولَٰئِكَ عِنْدَ اللَّهِ هُمُ الْكَاذِبُونَ
Yogene wong kang padha ndakwa tumindak zina (marang sita ’Aisyah) mau teka ora bisa nekakake sakwi wong lanang papat. Sarehning wong mau ora bisa ngenekake saksi papat wong - wong mau ana ing ngarsane Allah tetep wong kang goroh pendakwane

Choose other languages: