Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #86 Translated in Jawa

أَفَلَا يَتَدَبَّرُونَ الْقُرْآنَ ۚ وَلَوْ كَانَ مِنْ عِنْدِ غَيْرِ اللَّهِ لَوَجَدُوا فِيهِ اخْتِلَافًا كَثِيرًا
Lah apa ta padha ora meleng marang Quran? Lan saupama saka saliyané Allah, amasthi dhèwèké padha mrangguli pasulayan sa- pirang-pirang ana ing sajeroné
وَإِذَا جَاءَهُمْ أَمْرٌ مِنَ الْأَمْنِ أَوِ الْخَوْفِ أَذَاعُوا بِهِ ۖ وَلَوْ رَدُّوهُ إِلَى الرَّسُولِ وَإِلَىٰ أُولِي الْأَمْرِ مِنْهُمْ لَعَلِمَهُ الَّذِينَ يَسْتَنْبِطُونَهُ مِنْهُمْ ۗ وَلَوْلَا فَضْلُ اللَّهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهُ لَاتَّبَعْتُمُ الشَّيْطَانَ إِلَّا قَلِيلًا
Lan manawa ana pawarta tumeka marang dhèwèké: aman utawa nguwatiri, disebar-sebaraké; lan manawa iki diaturaké marang Utusan lan marang kang nyekel papréntahan saka ing antarané, amasthi sawenèhé, sing padha bisa nastitèkaké iki, bakal wis padha weruh; lan saupama oraa ana lubèring kadarmané Allah sarta wilasa-Né, amasthi sira bakal padha manut marang sétan, kajaba sathithik
فَقَاتِلْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ لَا تُكَلَّفُ إِلَّا نَفْسَكَ ۚ وَحَرِّضِ الْمُؤْمِنِينَ ۖ عَسَى اللَّهُ أَنْ يَكُفَّ بَأْسَ الَّذِينَ كَفَرُوا ۚ وَاللَّهُ أَشَدُّ بَأْسًا وَأَشَدُّ تَنْكِيلًا
Mulané sira peranga ing dadalaning Allah: ora liya kang kajibah iku kajaba awakira dhéwé; sarta ananangia para angèstu; manawa-manawa Allah ameperaké perangé wong kafir, lan Allah iku luwih abanget ing kawanèn sarta luwih abanget ing pidana
مَنْ يَشْفَعْ شَفَاعَةً حَسَنَةً يَكُنْ لَهُ نَصِيبٌ مِنْهَا ۖ وَمَنْ يَشْفَعْ شَفَاعَةً سَيِّئَةً يَكُنْ لَهُ كِفْلٌ مِنْهَا ۗ وَكَانَ اللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ مُقِيتًا
Sapa sing réwang-réwang ing dalem panggawé becik, bakal olèh panduman sapé- rangané, lan sapa sing réwang- réwang ing dalem pang- gawé ala, bakal duwé tanggungan sapérangané; lan Allah iku kang amisésa ing samubarang
وَإِذَا حُيِّيتُمْ بِتَحِيَّةٍ فَحَيُّوا بِأَحْسَنَ مِنْهَا أَوْ رُدُّوهَا ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ حَسِيبًا
Lan manawa sira dikurmati kalawan pakurmatan, lah kurmata kalawan kang luwih becik tinimbang iku, utawa mang- sulana padha karo iku; sayekti Allah iku marang samubarang angétang

Choose other languages: