Surah An-Nisa Ayahs #56 Translated in Jawa
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ لَعَنَهُمُ اللَّهُ ۖ وَمَنْ يَلْعَنِ اللَّهُ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ نَصِيرًا
Wong kang mengkono iku tetap padha dibendoni (dila’nati) dening Allah, wis mesthi ora ana kang bisa nulungi
أَمْ لَهُمْ نَصِيبٌ مِنَ الْمُلْكِ فَإِذًا لَا يُؤْتُونَ النَّاسَ نَقِيرًا
Apa wong mengkono mau padha duwe panduman Keratoning Allah (ora). Wong mengkono mau ora pisan-pisan gelem weweh sethithik-thithika marang para manungsa
أَمْ يَحْسُدُونَ النَّاسَ عَلَىٰ مَا آتَاهُمُ اللَّهُ مِنْ فَضْلِهِ ۖ فَقَدْ آتَيْنَا آلَ إِبْرَاهِيمَ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَآتَيْنَاهُمْ مُلْكًا عَظِيمًا
Apa ta padha andrengkèni para manusa déning anggoné padha kaparingan déning Allah arupa lubèring kadarman-É? Lah temen Ingsun wis amaringi Kitab lan kawicaksanan para dharah Ibrahim, sarta wus padha Ingsun paringi karaton kang gedhé
فَمِنْهُمْ مَنْ آمَنَ بِهِ وَمِنْهُمْ مَنْ صَدَّ عَنْهُ ۚ وَكَفَىٰ بِجَهَنَّمَ سَعِيرًا
Mulané sawenèhé ana sing angèstu ing dhèwèké lan sawenèhé ana sing malèngos saka dhè- wèké, lan naraka iku wis cukup kanggo ngobong
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِآيَاتِنَا سَوْفَ نُصْلِيهِمْ نَارًا كُلَّمَا نَضِجَتْ جُلُودُهُمْ بَدَّلْنَاهُمْ جُلُودًا غَيْرَهَا لِيَذُوقُوا الْعَذَابَ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَزِيزًا حَكِيمًا
Sayekti para kang padha angafiri ing timbalan-timbalan- Ingsun, bakal Ingsun cemplungaké ing geni; saben-saben kulité wis padha kobong, padha Ingsun salini kulit liyané, supaya padha ang- rasakaké siksa; sayekti Allah iku Minulya, Wicaksana
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
