Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #58 Translated in Jawa

أَمْ يَحْسُدُونَ النَّاسَ عَلَىٰ مَا آتَاهُمُ اللَّهُ مِنْ فَضْلِهِ ۖ فَقَدْ آتَيْنَا آلَ إِبْرَاهِيمَ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَآتَيْنَاهُمْ مُلْكًا عَظِيمًا
Apa ta padha andrengkèni para manusa déning anggoné padha kaparingan déning Allah arupa lubèring kadarman-É? Lah temen Ingsun wis amaringi Kitab lan kawicaksanan para dharah Ibrahim, sarta wus padha Ingsun paringi karaton kang gedhé
فَمِنْهُمْ مَنْ آمَنَ بِهِ وَمِنْهُمْ مَنْ صَدَّ عَنْهُ ۚ وَكَفَىٰ بِجَهَنَّمَ سَعِيرًا
Mulané sawenèhé ana sing angèstu ing dhèwèké lan sawenèhé ana sing malèngos saka dhè- wèké, lan naraka iku wis cukup kanggo ngobong
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِآيَاتِنَا سَوْفَ نُصْلِيهِمْ نَارًا كُلَّمَا نَضِجَتْ جُلُودُهُمْ بَدَّلْنَاهُمْ جُلُودًا غَيْرَهَا لِيَذُوقُوا الْعَذَابَ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَزِيزًا حَكِيمًا
Sayekti para kang padha angafiri ing timbalan-timbalan- Ingsun, bakal Ingsun cemplungaké ing geni; saben-saben kulité wis padha kobong, padha Ingsun salini kulit liyané, supaya padha ang- rasakaké siksa; sayekti Allah iku Minulya, Wicaksana
وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ سَنُدْخِلُهُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا أَبَدًا ۖ لَهُمْ فِيهَا أَزْوَاجٌ مُطَهَّرَةٌ ۖ وَنُدْخِلُهُمْ ظِلًّا ظَلِيلًا
Lan para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, bakal Ingsun lebokaké ing pata- manan, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, padha manggon ing kono, langgeng; ana ing kono bakal padha olèh jodho kang padha sucia lan bakal padha Ingsun lebokaké ing kabegjan gedhé
إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُكُمْ أَنْ تُؤَدُّوا الْأَمَانَاتِ إِلَىٰ أَهْلِهَا وَإِذَا حَكَمْتُمْ بَيْنَ النَّاسِ أَنْ تَحْكُمُوا بِالْعَدْلِ ۚ إِنَّ اللَّهَ نِعِمَّا يَعِظُكُمْ بِهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ سَمِيعًا بَصِيرًا
Sayekti Allah adhawuh ma- rang sira ingandikakaké padha ambalèkaké titipan marang sing pantes anampani, lan samang- sa sira anibakaké bebeneran anta- raning para manusa ingandikakaké kalawan adil; sayekti Allah iku amituturi sira kalawan apa kang linuhung; sayekti Allah iku Ami- yarsa, Amirsani

Choose other languages: