Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #153 Translated in Jawa

إِنْ تُبْدُوا خَيْرًا أَوْ تُخْفُوهُ أَوْ تَعْفُوا عَنْ سُوءٍ فَإِنَّ اللَّهَ كَانَ عَفُوًّا قَدِيرًا
Manawa sira kalawan nge- dhèng anglakoni kabecikan utawa kalawan sira sidhem, utawa anga- pura ing ala, lah sayekti Allah iku Aksama, Kawasa
إِنَّ الَّذِينَ يَكْفُرُونَ بِاللَّهِ وَرُسُلِهِ وَيُرِيدُونَ أَنْ يُفَرِّقُوا بَيْنَ اللَّهِ وَرُسُلِهِ وَيَقُولُونَ نُؤْمِنُ بِبَعْضٍ وَنَكْفُرُ بِبَعْضٍ وَيُرِيدُونَ أَنْ يَتَّخِذُوا بَيْنَ ذَٰلِكَ سَبِيلًا
Sayekti para kang padha angafiri ing Allah sarta para utusan-É, tuwin padha sumedya anèjèkaké antarané Allah karo para utusan-É, apa déné padha acalathu: Aku padha angèstu marang kang sawenèh sarta anga- firi sawenèhé, sarta padha sumedya angalap dalan antarané iku
أُولَٰئِكَ هُمُ الْكَافِرُونَ حَقًّا ۚ وَأَعْتَدْنَا لِلْكَافِرِينَ عَذَابًا مُهِينًا
Iki para kang padha kafir temenan, lan Ingsun anyadhiyak- aké siksa kang angasoraké tumrap para kafir
وَالَّذِينَ آمَنُوا بِاللَّهِ وَرُسُلِهِ وَلَمْ يُفَرِّقُوا بَيْنَ أَحَدٍ مِنْهُمْ أُولَٰئِكَ سَوْفَ يُؤْتِيهِمْ أُجُورَهُمْ ۗ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَحِيمًا
Lan para sing padha angèstu ing Allah lan para utusan-É, sarta ora anèjèkaké antarané siji-sijiné, iki bakal padha pinaringan ganja- rané; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih
يَسْأَلُكَ أَهْلُ الْكِتَابِ أَنْ تُنَزِّلَ عَلَيْهِمْ كِتَابًا مِنَ السَّمَاءِ ۚ فَقَدْ سَأَلُوا مُوسَىٰ أَكْبَرَ مِنْ ذَٰلِكَ فَقَالُوا أَرِنَا اللَّهَ جَهْرَةً فَأَخَذَتْهُمُ الصَّاعِقَةُ بِظُلْمِهِمْ ۚ ثُمَّ اتَّخَذُوا الْعِجْلَ مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَتْهُمُ الْبَيِّنَاتُ فَعَفَوْنَا عَنْ ذَٰلِكَ ۚ وَآتَيْنَا مُوسَىٰ سُلْطَانًا مُبِينًا
Pandhèrèking Kitab padha anjaluk marang sira, supaya sira anurunaké kitab saka ing langit marang dhèwèké; ananging temen biyèn anjaluk marang Musa kang luwih gedhé tinimbang iku, amarga padha calathu: Aku padha weruhna ing Allah kalawan satmata; mulané swara gumludhug angenani dhè- wèké amarga saka anggoné padha atindak dudu.a tumuli padha anga- lap pedhèt,b ing sa- wisé tandha-tandha yekti kang ce- tha tumeka marang dhèwèké, ana- nging Ingsun puwung kang mang- kono iku, sarta Ingsun aparing wisésa kang cetha marang Musa

Choose other languages: