Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #156 Translated in Jawa

وَالَّذِينَ آمَنُوا بِاللَّهِ وَرُسُلِهِ وَلَمْ يُفَرِّقُوا بَيْنَ أَحَدٍ مِنْهُمْ أُولَٰئِكَ سَوْفَ يُؤْتِيهِمْ أُجُورَهُمْ ۗ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَحِيمًا
Lan para sing padha angèstu ing Allah lan para utusan-É, sarta ora anèjèkaké antarané siji-sijiné, iki bakal padha pinaringan ganja- rané; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih
يَسْأَلُكَ أَهْلُ الْكِتَابِ أَنْ تُنَزِّلَ عَلَيْهِمْ كِتَابًا مِنَ السَّمَاءِ ۚ فَقَدْ سَأَلُوا مُوسَىٰ أَكْبَرَ مِنْ ذَٰلِكَ فَقَالُوا أَرِنَا اللَّهَ جَهْرَةً فَأَخَذَتْهُمُ الصَّاعِقَةُ بِظُلْمِهِمْ ۚ ثُمَّ اتَّخَذُوا الْعِجْلَ مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَتْهُمُ الْبَيِّنَاتُ فَعَفَوْنَا عَنْ ذَٰلِكَ ۚ وَآتَيْنَا مُوسَىٰ سُلْطَانًا مُبِينًا
Pandhèrèking Kitab padha anjaluk marang sira, supaya sira anurunaké kitab saka ing langit marang dhèwèké; ananging temen biyèn anjaluk marang Musa kang luwih gedhé tinimbang iku, amarga padha calathu: Aku padha weruhna ing Allah kalawan satmata; mulané swara gumludhug angenani dhè- wèké amarga saka anggoné padha atindak dudu.a tumuli padha anga- lap pedhèt,b ing sa- wisé tandha-tandha yekti kang ce- tha tumeka marang dhèwèké, ana- nging Ingsun puwung kang mang- kono iku, sarta Ingsun aparing wisésa kang cetha marang Musa
وَرَفَعْنَا فَوْقَهُمُ الطُّورَ بِمِيثَاقِهِمْ وَقُلْنَا لَهُمُ ادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا وَقُلْنَا لَهُمْ لَا تَعْدُوا فِي السَّبْتِ وَأَخَذْنَا مِنْهُمْ مِيثَاقًا غَلِيظًا
Lan Ingsun andhuwuraké gunungé angungkuli dhèwèké nali- kané sasangge- mané,c sarta Ingsun angandika marang dhèwèké: Padha lumebua ing lawang iki kalawan sujud;d lan Ingsun angandika marang dhè- wèké: Aja padha anerak walering Sabbat;e lan Ingsun wus amundhut prajanjian kang kukuh saka dhèwèké
فَبِمَا نَقْضِهِمْ مِيثَاقَهُمْ وَكُفْرِهِمْ بِآيَاتِ اللَّهِ وَقَتْلِهِمُ الْأَنْبِيَاءَ بِغَيْرِ حَقٍّ وَقَوْلِهِمْ قُلُوبُنَا غُلْفٌ ۚ بَلْ طَبَعَ اللَّهُ عَلَيْهَا بِكُفْرِهِمْ فَلَا يُؤْمِنُونَ إِلَّا قَلِيلًا
Mulané, amarga saka ang- goné padha anyidrani prajanjiané sarta anggoné padha angafiri timbalan-timbalaning Allah tuwin anggoné padha anyédani para nabi kalawan ora benerf apa déné anggoné padha calathu: Atiku iki katutupan,g – o, balik Allah wus angecap marang dhèwèké amarga saka anggoné padha kafir,h mulané ora padha angèstu kajaba mung sathithik
وَبِكُفْرِهِمْ وَقَوْلِهِمْ عَلَىٰ مَرْيَمَ بُهْتَانًا عَظِيمًا
Lan amarga saka anggoné padha kafir sarta anggoné angu- nèkaké Maryam kalawan pandalih kang gedhé

Choose other languages: