Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #152 Translated in Jawa

لَا يُحِبُّ اللَّهُ الْجَهْرَ بِالسُّوءِ مِنَ الْقَوْلِ إِلَّا مَنْ ظُلِمَ ۚ وَكَانَ اللَّهُ سَمِيعًا عَلِيمًا
Allah Iku ora remen marang wedharing pangucap ngeblak kang nylekit, kajaba manawa iki déning wong kang kinaniaya; lan Allah iku Amiyarsa, Angudanèni
إِنْ تُبْدُوا خَيْرًا أَوْ تُخْفُوهُ أَوْ تَعْفُوا عَنْ سُوءٍ فَإِنَّ اللَّهَ كَانَ عَفُوًّا قَدِيرًا
Manawa sira kalawan nge- dhèng anglakoni kabecikan utawa kalawan sira sidhem, utawa anga- pura ing ala, lah sayekti Allah iku Aksama, Kawasa
إِنَّ الَّذِينَ يَكْفُرُونَ بِاللَّهِ وَرُسُلِهِ وَيُرِيدُونَ أَنْ يُفَرِّقُوا بَيْنَ اللَّهِ وَرُسُلِهِ وَيَقُولُونَ نُؤْمِنُ بِبَعْضٍ وَنَكْفُرُ بِبَعْضٍ وَيُرِيدُونَ أَنْ يَتَّخِذُوا بَيْنَ ذَٰلِكَ سَبِيلًا
Sayekti para kang padha angafiri ing Allah sarta para utusan-É, tuwin padha sumedya anèjèkaké antarané Allah karo para utusan-É, apa déné padha acalathu: Aku padha angèstu marang kang sawenèh sarta anga- firi sawenèhé, sarta padha sumedya angalap dalan antarané iku
أُولَٰئِكَ هُمُ الْكَافِرُونَ حَقًّا ۚ وَأَعْتَدْنَا لِلْكَافِرِينَ عَذَابًا مُهِينًا
Iki para kang padha kafir temenan, lan Ingsun anyadhiyak- aké siksa kang angasoraké tumrap para kafir
وَالَّذِينَ آمَنُوا بِاللَّهِ وَرُسُلِهِ وَلَمْ يُفَرِّقُوا بَيْنَ أَحَدٍ مِنْهُمْ أُولَٰئِكَ سَوْفَ يُؤْتِيهِمْ أُجُورَهُمْ ۗ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَحِيمًا
Lan para sing padha angèstu ing Allah lan para utusan-É, sarta ora anèjèkaké antarané siji-sijiné, iki bakal padha pinaringan ganja- rané; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih

Choose other languages: