Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #140 Translated in Jawa

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا آمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَالْكِتَابِ الَّذِي نَزَّلَ عَلَىٰ رَسُولِهِ وَالْكِتَابِ الَّذِي أَنْزَلَ مِنْ قَبْلُ ۚ وَمَنْ يَكْفُرْ بِاللَّهِ وَمَلَائِكَتِهِ وَكُتُبِهِ وَرُسُلِهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ فَقَدْ ضَلَّ ضَلَالًا بَعِيدًا
É, para kang padha angèstu, padha angèstua ing Allah lan Utusan-É, lan Kitab kang wus kadhawuhaké marang Utusan-É, lan Kitab kang wus dhumawuh ing sadurungé; lan sapa sing angafiri Allah lan para malaikat-É, lan kitab-kitab-É, lan para utusan-É, lan dina akhir, iya temen-temen sasar kalawan sasar kang adoh
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا ثُمَّ كَفَرُوا ثُمَّ آمَنُوا ثُمَّ كَفَرُوا ثُمَّ ازْدَادُوا كُفْرًا لَمْ يَكُنِ اللَّهُ لِيَغْفِرَ لَهُمْ وَلَا لِيَهْدِيَهُمْ سَبِيلًا
Sayekti, para kang padha angèstu tumuli angafiri, tumuli angestu , tumuli angafiri , tumuli padha ngundhaki kafiré, iku Allah ora bakal angapura lan ora bakal nuntun dhèwèké ing dalan
بَشِّرِ الْمُنَافِقِينَ بِأَنَّ لَهُمْ عَذَابًا أَلِيمًا
Dhawuhna marang para lamis, yèn dhèwèké bakal padha olèh siksa kang nglarani
الَّذِينَ يَتَّخِذُونَ الْكَافِرِينَ أَوْلِيَاءَ مِنْ دُونِ الْمُؤْمِنِينَ ۚ أَيَبْتَغُونَ عِنْدَهُمُ الْعِزَّةَ فَإِنَّ الْعِزَّةَ لِلَّهِ جَمِيعًا
Para sing padha aluwung angalap para kafir minangka pa- ngayoman tinimbang para angèstu. Apa ta padha golèk singgih saka ing dhèwèké? Lah sayekti singgih iku kagungané Allah kabèh
وَقَدْ نَزَّلَ عَلَيْكُمْ فِي الْكِتَابِ أَنْ إِذَا سَمِعْتُمْ آيَاتِ اللَّهِ يُكْفَرُ بِهَا وَيُسْتَهْزَأُ بِهَا فَلَا تَقْعُدُوا مَعَهُمْ حَتَّىٰ يَخُوضُوا فِي حَدِيثٍ غَيْرِهِ ۚ إِنَّكُمْ إِذًا مِثْلُهُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ جَامِعُ الْمُنَافِقِينَ وَالْكَافِرِينَ فِي جَهَنَّمَ جَمِيعًا
Lan temen Panjenengané wus andhawuhaké marang sira ana ing dalem Kitab, dhawuh-É: Manawa sira padha angrungu timbalan-timbalaning Allah padha dikafiri lan padha diguguyu, lah aja sira padha lulungguhan karo dhèwèké, nganti padha lumebu ing gunem liyané; sayekti, mengko mundhak sira dadi papadhané; sayekti Allah bakal angumpulaké para lamis lan para kafir kabèh ana ing naraka

Choose other languages: