Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #135 Translated in Jawa

وَلِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۗ وَلَقَدْ وَصَّيْنَا الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَإِيَّاكُمْ أَنِ اتَّقُوا اللَّهَ ۚ وَإِنْ تَكْفُرُوا فَإِنَّ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ غَنِيًّا حَمِيدًا
Lan samubarang ing langit- langit sarta samubarang ing bumi iku kagungané Allah, lan sayekti temen Ingsun wis andhawuhi para kang padha kaparingan Kitab ing sadurungira lan marang sira, supaya padha di bekti maring Allah; lan manawa sira padha angafiri, lah sayekti samu- barang ing langit-langit lan samu- barang ing bumi iku kagungané Allah, lan Allah iku ora kabutuh ing samubarang, Maha-pinuji
وَلِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ وَكِيلًا
Lan kagungané Allah samu- barang ing langit-langit lan samu- barang ing bumi iku, lan wis cukup Allah iku minangka Pangayoman
إِنْ يَشَأْ يُذْهِبْكُمْ أَيُّهَا النَّاسُ وَيَأْتِ بِآخَرِينَ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَلَىٰ ذَٰلِكَ قَدِيرًا
Manawa Panjenengané angar- sakaké, saged anglungakaké sira, o, para manusa! Lan anekakaké liyané; lan Allah iku, nindakaké mangkono iku kawasa
مَنْ كَانَ يُرِيدُ ثَوَابَ الدُّنْيَا فَعِنْدَ اللَّهِ ثَوَابُ الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ سَمِيعًا بَصِيرًا
Sapa sing kapéngin gan- jaran donya, lah, ing ngarsaning Allah iku ana ganjaran donya lan akhirat; lan Allah iku Amiyarsa, Amirsani
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُونُوا قَوَّامِينَ بِالْقِسْطِ شُهَدَاءَ لِلَّهِ وَلَوْ عَلَىٰ أَنْفُسِكُمْ أَوِ الْوَالِدَيْنِ وَالْأَقْرَبِينَ ۚ إِنْ يَكُنْ غَنِيًّا أَوْ فَقِيرًا فَاللَّهُ أَوْلَىٰ بِهِمَا ۖ فَلَا تَتَّبِعُوا الْهَوَىٰ أَنْ تَعْدِلُوا ۚ وَإِنْ تَلْوُوا أَوْ تُعْرِضُوا فَإِنَّ اللَّهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرًا
É, para kang padha angèstu, padha dadia wong kang nyan- tosakaké ing adil, saksi karana Allah, sanajan amitunani awakira dhéwé utawa wong tuwa sa- kaloron utawa para akrab ; yèn dhèwèké iku sugiha utawa mis- kina, lah Allah iku luwih déning saged ing sakaroné; mulané aja padha miturut ing pépénginan kang asor, mun- dhak sira padha nyalèwèng; lan manawa sira nalisir utawa ange- dohi, lah sayekti Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni

Choose other languages: