Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #136 Translated in Jawa

وَلِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ وَكِيلًا
Lan kagungané Allah samu- barang ing langit-langit lan samu- barang ing bumi iku, lan wis cukup Allah iku minangka Pangayoman
إِنْ يَشَأْ يُذْهِبْكُمْ أَيُّهَا النَّاسُ وَيَأْتِ بِآخَرِينَ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَلَىٰ ذَٰلِكَ قَدِيرًا
Manawa Panjenengané angar- sakaké, saged anglungakaké sira, o, para manusa! Lan anekakaké liyané; lan Allah iku, nindakaké mangkono iku kawasa
مَنْ كَانَ يُرِيدُ ثَوَابَ الدُّنْيَا فَعِنْدَ اللَّهِ ثَوَابُ الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ سَمِيعًا بَصِيرًا
Sapa sing kapéngin gan- jaran donya, lah, ing ngarsaning Allah iku ana ganjaran donya lan akhirat; lan Allah iku Amiyarsa, Amirsani
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُونُوا قَوَّامِينَ بِالْقِسْطِ شُهَدَاءَ لِلَّهِ وَلَوْ عَلَىٰ أَنْفُسِكُمْ أَوِ الْوَالِدَيْنِ وَالْأَقْرَبِينَ ۚ إِنْ يَكُنْ غَنِيًّا أَوْ فَقِيرًا فَاللَّهُ أَوْلَىٰ بِهِمَا ۖ فَلَا تَتَّبِعُوا الْهَوَىٰ أَنْ تَعْدِلُوا ۚ وَإِنْ تَلْوُوا أَوْ تُعْرِضُوا فَإِنَّ اللَّهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرًا
É, para kang padha angèstu, padha dadia wong kang nyan- tosakaké ing adil, saksi karana Allah, sanajan amitunani awakira dhéwé utawa wong tuwa sa- kaloron utawa para akrab ; yèn dhèwèké iku sugiha utawa mis- kina, lah Allah iku luwih déning saged ing sakaroné; mulané aja padha miturut ing pépénginan kang asor, mun- dhak sira padha nyalèwèng; lan manawa sira nalisir utawa ange- dohi, lah sayekti Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا آمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَالْكِتَابِ الَّذِي نَزَّلَ عَلَىٰ رَسُولِهِ وَالْكِتَابِ الَّذِي أَنْزَلَ مِنْ قَبْلُ ۚ وَمَنْ يَكْفُرْ بِاللَّهِ وَمَلَائِكَتِهِ وَكُتُبِهِ وَرُسُلِهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ فَقَدْ ضَلَّ ضَلَالًا بَعِيدًا
É, para kang padha angèstu, padha angèstua ing Allah lan Utusan-É, lan Kitab kang wus kadhawuhaké marang Utusan-É, lan Kitab kang wus dhumawuh ing sadurungé; lan sapa sing angafiri Allah lan para malaikat-É, lan kitab-kitab-É, lan para utusan-É, lan dina akhir, iya temen-temen sasar kalawan sasar kang adoh

Choose other languages: