Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #118 Translated in Jawa

لَا خَيْرَ فِي كَثِيرٍ مِنْ نَجْوَاهُمْ إِلَّا مَنْ أَمَرَ بِصَدَقَةٍ أَوْ مَعْرُوفٍ أَوْ إِصْلَاحٍ بَيْنَ النَّاسِ ۚ وَمَنْ يَفْعَلْ ذَٰلِكَ ابْتِغَاءَ مَرْضَاتِ اللَّهِ فَسَوْفَ نُؤْتِيهِ أَجْرًا عَظِيمًا
Ora ana beciké ing dalem kèh-kèhané pirembugané kang wadi iku, kajaba sapa sing marén- tahaké dana, utawa kabecikan uta- wa pirukun antarané para manusa; lan sapa sing anglakoni mangkéné iki mamrih karenaning Allah, amasthi dhèwèké bakal Ingsun paringi ganjaran kang gedhé
وَمَنْ يُشَاقِقِ الرَّسُولَ مِنْ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُ الْهُدَىٰ وَيَتَّبِعْ غَيْرَ سَبِيلِ الْمُؤْمِنِينَ نُوَلِّهِ مَا تَوَلَّىٰ وَنُصْلِهِ جَهَنَّمَ ۖ وَسَاءَتْ مَصِيرًا
Lan sapa sing ngecrahi Utusan ing sawisé tuntunan dadi terang tumrap dhèwèké, sarta nurut kang dudu dadalané para angèstu, dhèwèké iku bakal Ingsun adhep- aké marang barang kang diadhep- aké, lan bakal Ingsun cemplungaké naraka; lan iku papan kang ala. A
إِنَّ اللَّهَ لَا يَغْفِرُ أَنْ يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ ذَٰلِكَ لِمَنْ يَشَاءُ ۚ وَمَنْ يُشْرِكْ بِاللَّهِ فَقَدْ ضَلَّ ضَلَالًا بَعِيدًا
Sayekti Allah ora angapura anyakuthokaké sawiji-wiji karo Panjenengané, lan angapura kabèh saliyané iku marang sapa sing dadi kaparenging karsa-Né;a lan sapa sing nyakuthokaké sawiji- wiji karo Allah, lah temen sasar kalawan sasar kang adoh
إِنْ يَدْعُونَ مِنْ دُونِهِ إِلَّا إِنَاثًا وَإِنْ يَدْعُونَ إِلَّا شَيْطَانًا مَرِيدًا
Para anguwuh saliyané Pan- jenengané, ora liya kajaba barang kang tanpa jiwa, lan ora liya kajaba padha anguwuh sétan kang tanpa ana beciké
لَعَنَهُ اللَّهُ ۘ وَقَالَ لَأَتَّخِذَنَّ مِنْ عِبَادِكَ نَصِيبًا مَفْرُوضًا
Allah wus angla’nati dhè- wèké; lan dhèwèké munjuk: Saèstu kula badhé amendheti kawula Tu- wan sapanduman ingkang tinamtu

Choose other languages: