Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #121 Translated in Jawa

إِنْ يَدْعُونَ مِنْ دُونِهِ إِلَّا إِنَاثًا وَإِنْ يَدْعُونَ إِلَّا شَيْطَانًا مَرِيدًا
Para anguwuh saliyané Pan- jenengané, ora liya kajaba barang kang tanpa jiwa, lan ora liya kajaba padha anguwuh sétan kang tanpa ana beciké
لَعَنَهُ اللَّهُ ۘ وَقَالَ لَأَتَّخِذَنَّ مِنْ عِبَادِكَ نَصِيبًا مَفْرُوضًا
Allah wus angla’nati dhè- wèké; lan dhèwèké munjuk: Saèstu kula badhé amendheti kawula Tu- wan sapanduman ingkang tinamtu
وَلَأُضِلَّنَّهُمْ وَلَأُمَنِّيَنَّهُمْ وَلَآمُرَنَّهُمْ فَلَيُبَتِّكُنَّ آذَانَ الْأَنْعَامِ وَلَآمُرَنَّهُمْ فَلَيُغَيِّرُنَّ خَلْقَ اللَّهِ ۚ وَمَنْ يَتَّخِذِ الشَّيْطَانَ وَلِيًّا مِنْ دُونِ اللَّهِ فَقَدْ خَسِرَ خُسْرَانًا مُبِينًا
Lan saèstu badhé sami kula tatangi ing pépénginan ingkang muspra, tuwin saèstu badhé sami kula ajani anyigar kupinging raja- kaya punapa déné saèstu sami badhé kula ajani ingkang supados angéwahi titahing Allah; lan sapa sing aluwung angalap sétan minangka pangayoman tinimbang Allah, iya masthi bakal kapitunan kalawan kapitunan kang tétéla
يَعِدُهُمْ وَيُمَنِّيهِمْ ۖ وَمَا يَعِدُهُمُ الشَّيْطَانُ إِلَّا غُرُورًا
Dhèwèké padha disaguhi lan padha ditatangi pépénginané kang muspra; lan ora liya kasa- guhané sétan marang dhèwèké iku kajaba mung ngapusi
أُولَٰئِكَ مَأْوَاهُمْ جَهَنَّمُ وَلَا يَجِدُونَ عَنْهَا مَحِيصًا
Iki para kang panggonané iku naraka, lan ora bakal padha olèh pangungsèn saka ing kono

Choose other languages: