Surah An-Nisa Ayahs #103 Translated in Jawa
فَأُولَٰئِكَ عَسَى اللَّهُ أَنْ يَعْفُوَ عَنْهُمْ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَفُوًّا غَفُورًا
Mulané, ya iki, manawa- manawa Allah kapareng amuwung dhèwèké, lan Allah iku ambek Amuwung, Aparamarta
وَمَنْ يُهَاجِرْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ يَجِدْ فِي الْأَرْضِ مُرَاغَمًا كَثِيرًا وَسَعَةً ۚ وَمَنْ يَخْرُجْ مِنْ بَيْتِهِ مُهَاجِرًا إِلَى اللَّهِ وَرَسُولِهِ ثُمَّ يُدْرِكْهُ الْمَوْتُ فَقَدْ وَقَعَ أَجْرُهُ عَلَى اللَّهِ ۗ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَحِيمًا
Lan sapa sing angili ing dadalaning Allah, ana ing bumi bakal nemu enggon pangungsèn sapirang-pirang sarta sumber pa- ngupajiwa kang ambludag; lan sapa sing metu atinggal balé omahé, lumayu marang Allah lan Utusan-É, tumuli pati anututi dhèwèké, lah ganjarané temen ana ing Allah, lan Allah iku Apara- marta, Mahaasih
وَإِذَا ضَرَبْتُمْ فِي الْأَرْضِ فَلَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ أَنْ تَقْصُرُوا مِنَ الصَّلَاةِ إِنْ خِفْتُمْ أَنْ يَفْتِنَكُمُ الَّذِينَ كَفَرُوا ۚ إِنَّ الْكَافِرِينَ كَانُوا لَكُمْ عَدُوًّا مُبِينًا
Lan samangsa sira padha lalaku ing bumi, lah ora cacad ingatasé sira yèn sira anyendhakna salat, manawa sira kuwatir yèn para kang padha kafir angrempak ing sira; sayekti para kafir iku mungsuhira kang tétéla
وَإِذَا كُنْتَ فِيهِمْ فَأَقَمْتَ لَهُمُ الصَّلَاةَ فَلْتَقُمْ طَائِفَةٌ مِنْهُمْ مَعَكَ وَلْيَأْخُذُوا أَسْلِحَتَهُمْ فَإِذَا سَجَدُوا فَلْيَكُونُوا مِنْ وَرَائِكُمْ وَلْتَأْتِ طَائِفَةٌ أُخْرَىٰ لَمْ يُصَلُّوا فَلْيُصَلُّوا مَعَكَ وَلْيَأْخُذُوا حِذْرَهُمْ وَأَسْلِحَتَهُمْ ۗ وَدَّ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْ تَغْفُلُونَ عَنْ أَسْلِحَتِكُمْ وَأَمْتِعَتِكُمْ فَيَمِيلُونَ عَلَيْكُمْ مَيْلَةً وَاحِدَةً ۚ وَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ إِنْ كَانَ بِكُمْ أَذًى مِنْ مَطَرٍ أَوْ كُنْتُمْ مَرْضَىٰ أَنْ تَضَعُوا أَسْلِحَتَكُمْ ۖ وَخُذُوا حِذْرَكُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ أَعَدَّ لِلْكَافِرِينَ عَذَابًا مُهِينًا
Lan manawa sira ana ing antarané dhèwèké padha sarta anjumenengaké salat tumrap dhè- wèké, lah dhèwèké sing sapantha sira kona ngadeg bareng lan sira sarta padha nyekela gagamané; lah nalika padha sujud padha sira kona menyang ing burinira, lan sapantha liyané sing durung salat supaya majua banjur padha salata amba- rengi sira sarta padha ngrenggepa kaprayitnané lan gagamané; pangarep-arepé kang padha kafir, sira padha kalalèna gagama- nira lan gawanira, banjur dhèwèké arep angrempak ing sira kalawan panyerang kang ambabar-pisani; lan ora cacad ingatasé sira anyè- lèhaké gagamanira, manawa sira kena ing udan utawa pinuju lara, sarta padha angrenggepa kapra- yitnanira; sayekti Allah iku anya- dhiyakaké siksa kang angasoraké tumrap para kafir
فَإِذَا قَضَيْتُمُ الصَّلَاةَ فَاذْكُرُوا اللَّهَ قِيَامًا وَقُعُودًا وَعَلَىٰ جُنُوبِكُمْ ۚ فَإِذَا اطْمَأْنَنْتُمْ فَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ ۚ إِنَّ الصَّلَاةَ كَانَتْ عَلَى الْمُؤْمِنِينَ كِتَابًا مَوْقُوتًا
Lah nalikané wis rampung anggonira salat, banjur padha anebuta ing Allah kalawan ngadeg sarta kalawan linggih tuwin kala- wan turon miring; ananging sa- mangsa sira wis padha jenjem, iya padha anjumenengna salat; sayekti salat iku ingatasé para angèstu sawijining angger kang tinamtu wayahé
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
