Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #80 Translated in Jawa

إِنَّ هَٰذَا الْقُرْآنَ يَقُصُّ عَلَىٰ بَنِي إِسْرَائِيلَ أَكْثَرَ الَّذِي هُمْ فِيهِ يَخْتَلِفُونَ
Satemene al-Qur’an iki nerangake marang wong Bani Israil pirang - pirang perkara bab agama kang padha dadi pasulayan
وَإِنَّهُ لَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِلْمُؤْمِنِينَ
Lan satemene al-Qur’an iki dadi pitedah lan rahmat tumrap para wong mukmin
إِنَّ رَبَّكَ يَقْضِي بَيْنَهُمْ بِحُكْمِهِ ۚ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْعَلِيمُ
Satemene (ing besuk dina Qiyamat) Allah Pangeranira mutusi perkara (wong kang padha pasulayan perkara agama), diputus kelawan adiling Allah. Dene Allah iku Maha Mulya tur sarta maha Ngudaneni
فَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ ۖ إِنَّكَ عَلَى الْحَقِّ الْمُبِينِ
Sira padha ngandle lan pasraha (tawakkala ing Allah bae), awit satemene sira wis terang anglungguhi bener
إِنَّكَ لَا تُسْمِعُ الْمَوْتَىٰ وَلَا تُسْمِعُ الصُّمَّ الدُّعَاءَ إِذَا وَلَّوْا مُدْبِرِينَ
Satemene piwulangira ora bisa tumama marang wong kang atine mati, (yaiku wong kafir) apa dene pangundangira ora bisa tumama marang wong kang budheg kang mungkur lan mlengos

Choose other languages: