Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #79 Translated in Jawa

وَمَا مِنْ غَائِبَةٍ فِي السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ إِلَّا فِي كِتَابٍ مُبِينٍ
Kabeh barang kang ghaib ana ing langit lan bumi iku kabeh mesthi wis tinulis ana ing kitab kang terang
إِنَّ هَٰذَا الْقُرْآنَ يَقُصُّ عَلَىٰ بَنِي إِسْرَائِيلَ أَكْثَرَ الَّذِي هُمْ فِيهِ يَخْتَلِفُونَ
Satemene al-Qur’an iki nerangake marang wong Bani Israil pirang - pirang perkara bab agama kang padha dadi pasulayan
وَإِنَّهُ لَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِلْمُؤْمِنِينَ
Lan satemene al-Qur’an iki dadi pitedah lan rahmat tumrap para wong mukmin
إِنَّ رَبَّكَ يَقْضِي بَيْنَهُمْ بِحُكْمِهِ ۚ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْعَلِيمُ
Satemene (ing besuk dina Qiyamat) Allah Pangeranira mutusi perkara (wong kang padha pasulayan perkara agama), diputus kelawan adiling Allah. Dene Allah iku Maha Mulya tur sarta maha Ngudaneni
فَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ ۖ إِنَّكَ عَلَى الْحَقِّ الْمُبِينِ
Sira padha ngandle lan pasraha (tawakkala ing Allah bae), awit satemene sira wis terang anglungguhi bener

Choose other languages: