Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #82 Translated in Jawa

إِنَّ رَبَّكَ يَقْضِي بَيْنَهُمْ بِحُكْمِهِ ۚ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْعَلِيمُ
Satemene (ing besuk dina Qiyamat) Allah Pangeranira mutusi perkara (wong kang padha pasulayan perkara agama), diputus kelawan adiling Allah. Dene Allah iku Maha Mulya tur sarta maha Ngudaneni
فَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ ۖ إِنَّكَ عَلَى الْحَقِّ الْمُبِينِ
Sira padha ngandle lan pasraha (tawakkala ing Allah bae), awit satemene sira wis terang anglungguhi bener
إِنَّكَ لَا تُسْمِعُ الْمَوْتَىٰ وَلَا تُسْمِعُ الصُّمَّ الدُّعَاءَ إِذَا وَلَّوْا مُدْبِرِينَ
Satemene piwulangira ora bisa tumama marang wong kang atine mati, (yaiku wong kafir) apa dene pangundangira ora bisa tumama marang wong kang budheg kang mungkur lan mlengos
وَمَا أَنْتَ بِهَادِي الْعُمْيِ عَنْ ضَلَالَتِهِمْ ۖ إِنْ تُسْمِعُ إِلَّا مَنْ يُؤْمِنُ بِآيَاتِنَا فَهُمْ مُسْلِمُونَ
Lan maneh sira ora bisa nuduhake dalan bener marang wong kang atine wuta, supaya nyingkirana penasaran, bisane tumama piwulangira mung tumrap wong kang iman ing al-Qur’an ayatingsun, dadi wong mau padha Islam
وَإِذَا وَقَعَ الْقَوْلُ عَلَيْهِمْ أَخْرَجْنَا لَهُمْ دَابَّةً مِنَ الْأَرْضِ تُكَلِّمُهُمْ أَنَّ النَّاسَ كَانُوا بِآيَاتِنَا لَا يُوقِنُونَ
Ing besuk nalinae dhawuh bebenduning Allah wis tumiba marang wong kafir, Ingsun ngetokake titah (kang anggegirisi) metu saka ing bumi bakal anatoi dheweke lan bakal ngucap marang wong - wong mengkene, "Wong kafir iku padha ora gelem iman marang al-Qur’an ayatingsun

Choose other languages: