Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #40 Translated in Jawa

فَلَمَّا جَاءَ سُلَيْمَانَ قَالَ أَتُمِدُّونَنِ بِمَالٍ فَمَا آتَانِيَ اللَّهُ خَيْرٌ مِمَّا آتَاكُمْ بَلْ أَنْتُمْ بِهَدِيَّتِكُمْ تَفْرَحُونَ
(Manuk mau bareng wis sumurup mangkate utusan, banjur miber mulih, nyahosi pirsa marang Sulaiman). Bareng utusane sang ratu Bilqis wis sowan ing Sulaiman, nyahosake pisungsung, Sulaiman dhawuh, "Yagene gustinira teka kudu ngurugi bandha marang ingsun? (iku dudu kersaningsun). Gustinira mesthi gedhe atine dene bisa ngurugi bandha, sumurupa, peparinge Allah marang Ingsun luwih becik lan luwih akeh, ngungkuli pisungsunge gustinira tikel pirang - pirang
ارْجِعْ إِلَيْهِمْ فَلَنَأْتِيَنَّهُمْ بِجُنُودٍ لَا قِبَلَ لَهُمْ بِهَا وَلَنُخْرِجَنَّهُمْ مِنْهَا أَذِلَّةً وَهُمْ صَاغِرُونَ
Sira muliha, (lan matura marang gustimu menawa kesuwen anggone sowan perlu mlebu agama Islam) mesthi ingsun lurugi wadyabala kang tanpa wilangan. Dene gustinira lan wong saisine negara ing Sabaa’ bakal ingsun tundhungi lan ingsun siya - siya. Para panggedhe ingsun copoti dadi wong cilik. (Satemene Utusan ing Sabaa’ ngaturake oleh - oleh anggone diutus, sang ratu Bilqis banjur dandan mangkat sowan marang Nabi Sulaiman)
قَالَ يَا أَيُّهَا الْمَلَأُ أَيُّكُمْ يَأْتِينِي بِعَرْشِهَا قَبْلَ أَنْ يَأْتُونِي مُسْلِمِينَ
(Sapungkure utusan ing Sabaa’) Sulaiman dhawuh, "He para kawulaningsun, apa sira bisa anjupuk singgasanane mrene, sadurunge deweke teka mrene, kelawan sumarah mlebu agama Islam
قَالَ عِفْرِيتٌ مِنَ الْجِنِّ أَنَا آتِيكَ بِهِ قَبْلَ أَنْ تَقُومَ مِنْ مَقَامِكَ ۖ وَإِنِّي عَلَيْهِ لَقَوِيٌّ أَمِينٌ
Sawenehing jin keliwat kendel matur, "Kula punika gagah perkosa tur mitadosi, kula sagah andhatengaken (arasy-ipun ratu Bilqis) mriki, saderengipun sang nata jengkar saking pasekawan". lan kula punika (para jin) kiat lan saget dipun percados
قَالَ الَّذِي عِنْدَهُ عِلْمٌ مِنَ الْكِتَابِ أَنَا آتِيكَ بِهِ قَبْلَ أَنْ يَرْتَدَّ إِلَيْكَ طَرْفُكَ ۚ فَلَمَّا رَآهُ مُسْتَقِرًّا عِنْدَهُ قَالَ هَٰذَا مِنْ فَضْلِ رَبِّي لِيَبْلُوَنِي أَأَشْكُرُ أَمْ أَكْفُرُ ۖ وَمَنْ شَكَرَ فَإِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهِ ۖ وَمَنْ كَفَرَ فَإِنَّ رَبِّي غَنِيٌّ كَرِيمٌ
Kang kadunungan ilmu kitab matur mengkene, "Kula sagah andhatengaken punika mriki saderengipun sang nata kedep". Sanalika Sulaiman mirsani (Arsye ratu Bilqis) wis ana ngarsane. Banjur dhawuh, "Kang mengkene iki tetla saka sih kanugrahane Allah Pangeraningsun, kanggo nyoba marang ingsun, apa syukur marang Allah, apa ora. Dene sing sapa syukur bakal bali marang awake dhewe. Naning sing kafir (ora gelem syukur) iku sumurap satemene Pangeraningsun iku Maha Sugih tur Maha Mulya

Choose other languages: