Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #43 Translated in Jawa

قَالَ عِفْرِيتٌ مِنَ الْجِنِّ أَنَا آتِيكَ بِهِ قَبْلَ أَنْ تَقُومَ مِنْ مَقَامِكَ ۖ وَإِنِّي عَلَيْهِ لَقَوِيٌّ أَمِينٌ
Sawenehing jin keliwat kendel matur, "Kula punika gagah perkosa tur mitadosi, kula sagah andhatengaken (arasy-ipun ratu Bilqis) mriki, saderengipun sang nata jengkar saking pasekawan". lan kula punika (para jin) kiat lan saget dipun percados
قَالَ الَّذِي عِنْدَهُ عِلْمٌ مِنَ الْكِتَابِ أَنَا آتِيكَ بِهِ قَبْلَ أَنْ يَرْتَدَّ إِلَيْكَ طَرْفُكَ ۚ فَلَمَّا رَآهُ مُسْتَقِرًّا عِنْدَهُ قَالَ هَٰذَا مِنْ فَضْلِ رَبِّي لِيَبْلُوَنِي أَأَشْكُرُ أَمْ أَكْفُرُ ۖ وَمَنْ شَكَرَ فَإِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهِ ۖ وَمَنْ كَفَرَ فَإِنَّ رَبِّي غَنِيٌّ كَرِيمٌ
Kang kadunungan ilmu kitab matur mengkene, "Kula sagah andhatengaken punika mriki saderengipun sang nata kedep". Sanalika Sulaiman mirsani (Arsye ratu Bilqis) wis ana ngarsane. Banjur dhawuh, "Kang mengkene iki tetla saka sih kanugrahane Allah Pangeraningsun, kanggo nyoba marang ingsun, apa syukur marang Allah, apa ora. Dene sing sapa syukur bakal bali marang awake dhewe. Naning sing kafir (ora gelem syukur) iku sumurap satemene Pangeraningsun iku Maha Sugih tur Maha Mulya
قَالَ نَكِّرُوا لَهَا عَرْشَهَا نَنْظُرْ أَتَهْتَدِي أَمْ تَكُونُ مِنَ الَّذِينَ لَا يَهْتَدُونَ
(Sulaiman) dhawuh, "Singgasanane iku owahana pemasange, coba kepriye, dheweke weruh apa ora
فَلَمَّا جَاءَتْ قِيلَ أَهَٰكَذَا عَرْشُكِ ۖ قَالَتْ كَأَنَّهُ هُوَ ۚ وَأُوتِينَا الْعِلْمَ مِنْ قَبْلِهَا وَكُنَّا مُسْلِمِينَ
Bareng dheweke wis sowan, banjur didangu dening Sulaiman, "He ratu Bilqis, Arsy ira apa kaya Arsy iku", Ratu Bilqis matur, "Inggih kados mekaten!" Saderengipun kula kaparingan sumere (Mu’jizatipun sang nata). Mila sapunika kula mlebet agama Islam (sumarah)
وَصَدَّهَا مَا كَانَتْ تَعْبُدُ مِنْ دُونِ اللَّهِ ۖ إِنَّهَا كَانَتْ مِنْ قَوْمٍ كَافِرِينَ
(Sulaiman dhawuh) Lan sapa sing manembah saliyane Allah, (yaiku manembah srengenge). Satemene sang ratu Bilqis dhek semona isih klebu wong kafir

Choose other languages: