Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #102 Translated in Jawa

فَإِذَا قَرَأْتَ الْقُرْآنَ فَاسْتَعِذْ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ
Mulané samangsa sira maca Quran lah nyuwuna ngayom ing Allah saka sétan kang kabendon
إِنَّهُ لَيْسَ لَهُ سُلْطَانٌ عَلَى الَّذِينَ آمَنُوا وَعَلَىٰ رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ
Sayekti, dhèwèké iku ora kadunungan wisésa marang para kang padha angèstu sarta padha kumandel marang Pangérané
إِنَّمَا سُلْطَانُهُ عَلَى الَّذِينَ يَتَوَلَّوْنَهُ وَالَّذِينَ هُمْ بِهِ مُشْرِكُونَ
Wewenangé mung marang para kang padha amawongmitra dhèwèké sarta para kang padha anyakuthokaké Panjenengané ing liyané
وَإِذَا بَدَّلْنَا آيَةً مَكَانَ آيَةٍ ۙ وَاللَّهُ أَعْلَمُ بِمَا يُنَزِّلُ قَالُوا إِنَّمَا أَنْتَ مُفْتَرٍ ۚ بَلْ أَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُونَ
Lan samangsa Ingsun anya- lini timbalan kalawan timbalan – lan Allah iku luwih wikan marang apa kang Diturunaké – dhèwèké padha cala- thu: Kowé iku mung tukang gawé gogorohan baé. O, akèh-akèhé dhèwèké padha ora weruh
قُلْ نَزَّلَهُ رُوحُ الْقُدُسِ مِنْ رَبِّكَ بِالْحَقِّ لِيُثَبِّتَ الَّذِينَ آمَنُوا وَهُدًى وَبُشْرَىٰ لِلْمُسْلِمِينَ
Calathua: Ruh Suci wus anurunaké iku saka Pangéranira kalawan yakti, supaya aneguhaké para kang padha angèstu, sarta minangka tuntunan tuwin warta bubungah tumrap para sing padha sumarah

Choose other languages: