Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #101 Translated in Jawa

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَىٰ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً ۖ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Sapa sing nglakoni becik, apa wong lanang apa wong wadon sarta dhèwèké iku wong angèstu, amasthi temen dhèwèké bakal Ingsun dadèkaké urip kalawan urip kang becik, sarta temen bakal padha Ingsun paringi pituwasé karana banget beciké apa kang wus padha dilakoni
فَإِذَا قَرَأْتَ الْقُرْآنَ فَاسْتَعِذْ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ
Mulané samangsa sira maca Quran lah nyuwuna ngayom ing Allah saka sétan kang kabendon
إِنَّهُ لَيْسَ لَهُ سُلْطَانٌ عَلَى الَّذِينَ آمَنُوا وَعَلَىٰ رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ
Sayekti, dhèwèké iku ora kadunungan wisésa marang para kang padha angèstu sarta padha kumandel marang Pangérané
إِنَّمَا سُلْطَانُهُ عَلَى الَّذِينَ يَتَوَلَّوْنَهُ وَالَّذِينَ هُمْ بِهِ مُشْرِكُونَ
Wewenangé mung marang para kang padha amawongmitra dhèwèké sarta para kang padha anyakuthokaké Panjenengané ing liyané
وَإِذَا بَدَّلْنَا آيَةً مَكَانَ آيَةٍ ۙ وَاللَّهُ أَعْلَمُ بِمَا يُنَزِّلُ قَالُوا إِنَّمَا أَنْتَ مُفْتَرٍ ۚ بَلْ أَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُونَ
Lan samangsa Ingsun anya- lini timbalan kalawan timbalan – lan Allah iku luwih wikan marang apa kang Diturunaké – dhèwèké padha cala- thu: Kowé iku mung tukang gawé gogorohan baé. O, akèh-akèhé dhèwèké padha ora weruh

Choose other languages: