Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #105 Translated in Jawa

وَإِذَا بَدَّلْنَا آيَةً مَكَانَ آيَةٍ ۙ وَاللَّهُ أَعْلَمُ بِمَا يُنَزِّلُ قَالُوا إِنَّمَا أَنْتَ مُفْتَرٍ ۚ بَلْ أَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُونَ
Lan samangsa Ingsun anya- lini timbalan kalawan timbalan – lan Allah iku luwih wikan marang apa kang Diturunaké – dhèwèké padha cala- thu: Kowé iku mung tukang gawé gogorohan baé. O, akèh-akèhé dhèwèké padha ora weruh
قُلْ نَزَّلَهُ رُوحُ الْقُدُسِ مِنْ رَبِّكَ بِالْحَقِّ لِيُثَبِّتَ الَّذِينَ آمَنُوا وَهُدًى وَبُشْرَىٰ لِلْمُسْلِمِينَ
Calathua: Ruh Suci wus anurunaké iku saka Pangéranira kalawan yakti, supaya aneguhaké para kang padha angèstu, sarta minangka tuntunan tuwin warta bubungah tumrap para sing padha sumarah
وَلَقَدْ نَعْلَمُ أَنَّهُمْ يَقُولُونَ إِنَّمَا يُعَلِّمُهُ بَشَرٌ ۗ لِسَانُ الَّذِي يُلْحِدُونَ إِلَيْهِ أَعْجَمِيٌّ وَهَٰذَا لِسَانٌ عَرَبِيٌّ مُبِينٌ
Lan sayekti temen Ingsun angudanèni, manawa dhèwèké pa- dha calathu: Sing mulang dhèwèké mung uwong baé. Basané wong kang tinarka iku kasar, mangka iki basa Arab kang gamblang
إِنَّ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِآيَاتِ اللَّهِ لَا يَهْدِيهِمُ اللَّهُ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ
Sayekti, para kang padha ora angèstu ing timbalan-tim- balaning Allah, iku Allah ora bakal nuntun lan bakal padha olèh siksa kang nglarani
إِنَّمَا يَفْتَرِي الْكَذِبَ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِآيَاتِ اللَّهِ ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْكَاذِبُونَ
Mung para kang padha ora angèstu ing timbalan-timbalaning Allah kang agawé-gawé goroh, lan dhèwèké iku padha wong goroh

Choose other languages: