Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #99 Translated in Jawa

وَلَا تَشْتَرُوا بِعَهْدِ اللَّهِ ثَمَنًا قَلِيلًا ۚ إِنَّمَا عِنْدَ اللَّهِ هُوَ خَيْرٌ لَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ
Lan aja sira padha anampani pangaji sathithik ijolé janjining Allah; sayekti barang kang ana ing Allah iku luwih becik tumrap ing sira, lamun sira padha weruha
مَا عِنْدَكُمْ يَنْفَدُ ۖ وَمَا عِنْدَ اللَّهِ بَاقٍ ۗ وَلَنَجْزِيَنَّ الَّذِينَ صَبَرُوا أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Apa kang ana ing sira iku bisa entèk lan apa kang ana ing Allah iku lestari; lan sayekti temen Ingsun bakal aparing pituwasé para kang padha sabar karana banget beciké apa kang wus padha dilakoni
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَىٰ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً ۖ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Sapa sing nglakoni becik, apa wong lanang apa wong wadon sarta dhèwèké iku wong angèstu, amasthi temen dhèwèké bakal Ingsun dadèkaké urip kalawan urip kang becik, sarta temen bakal padha Ingsun paringi pituwasé karana banget beciké apa kang wus padha dilakoni
فَإِذَا قَرَأْتَ الْقُرْآنَ فَاسْتَعِذْ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ
Mulané samangsa sira maca Quran lah nyuwuna ngayom ing Allah saka sétan kang kabendon
إِنَّهُ لَيْسَ لَهُ سُلْطَانٌ عَلَى الَّذِينَ آمَنُوا وَعَلَىٰ رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ
Sayekti, dhèwèké iku ora kadunungan wisésa marang para kang padha angèstu sarta padha kumandel marang Pangérané

Choose other languages: