Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #96 Translated in Jawa

وَلَا تَكُونُوا كَالَّتِي نَقَضَتْ غَزْلَهَا مِنْ بَعْدِ قُوَّةٍ أَنْكَاثًا تَتَّخِذُونَ أَيْمَانَكُمْ دَخَلًا بَيْنَكُمْ أَنْ تَكُونَ أُمَّةٌ هِيَ أَرْبَىٰ مِنْ أُمَّةٍ ۚ إِنَّمَا يَبْلُوكُمُ اللَّهُ بِهِ ۚ وَلَيُبَيِّنَنَّ لَكُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ مَا كُنْتُمْ فِيهِ تَخْتَلِفُونَ
Lan aja sira dadi kaya wong wadon kang angudhari benangé ing sawisé dadi kukuh, padha bodhol. Sira padha angalap supatanira minangka sarananing palacidra ing antaranira, amarga umat luwih akèh cacahé tinimbang umat . Asarana iku Allah mung anyoba sira; lan temen, ing dina kiyamat Panjenengané bakal anerangaké marang sira barang kang ing kono sira padha sulaya
وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ لَجَعَلَكُمْ أُمَّةً وَاحِدَةً وَلَٰكِنْ يُضِلُّ مَنْ يَشَاءُ وَيَهْدِي مَنْ يَشَاءُ ۚ وَلَتُسْأَلُنَّ عَمَّا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
Lan lamun Allah angarsakna amasthi Panjenengané andadékaké sira dadi umat sawiji, ananging Panjenengané anasaraké sapa sing dadi karsa-Né sarta nuntun sapa sing dadi karsa-Né; lan sayekti sira bakal padha dinangu prakara saba- rang kang padha sira lakoni
وَلَا تَتَّخِذُوا أَيْمَانَكُمْ دَخَلًا بَيْنَكُمْ فَتَزِلَّ قَدَمٌ بَعْدَ ثُبُوتِهَا وَتَذُوقُوا السُّوءَ بِمَا صَدَدْتُمْ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ ۖ وَلَكُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ
Lan aja sira padha angalap supatanira minangka sarananing palacidra ing antaranira, mundhak dalamakan keplèsèd sawisé ku- kuhé sarta sira angrasakaké alané, amarga saka anggonira padha su- mimpang saka dadalaning Allah, apa déné siksa gedhé bakal bagéanira
وَلَا تَشْتَرُوا بِعَهْدِ اللَّهِ ثَمَنًا قَلِيلًا ۚ إِنَّمَا عِنْدَ اللَّهِ هُوَ خَيْرٌ لَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ
Lan aja sira padha anampani pangaji sathithik ijolé janjining Allah; sayekti barang kang ana ing Allah iku luwih becik tumrap ing sira, lamun sira padha weruha
مَا عِنْدَكُمْ يَنْفَدُ ۖ وَمَا عِنْدَ اللَّهِ بَاقٍ ۗ وَلَنَجْزِيَنَّ الَّذِينَ صَبَرُوا أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Apa kang ana ing sira iku bisa entèk lan apa kang ana ing Allah iku lestari; lan sayekti temen Ingsun bakal aparing pituwasé para kang padha sabar karana banget beciké apa kang wus padha dilakoni

Choose other languages: