Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #62 Translated in Jawa

وَإِذَا بُشِّرَ أَحَدُهُمْ بِالْأُنْثَىٰ ظَلَّ وَجْهُهُ مُسْوَدًّا وَهُوَ كَظِيمٌ
Lan nalika dhèwèké salah siji diwènèhi pawarta bubungah anak wadon, rainé peteng sarta dhèwèké kebak anawung bendu
يَتَوَارَىٰ مِنَ الْقَوْمِ مِنْ سُوءِ مَا بُشِّرَ بِهِ ۚ أَيُمْسِكُهُ عَلَىٰ هُونٍ أَمْ يَدُسُّهُ فِي التُّرَابِ ۗ أَلَا سَاءَ مَا يَحْكُمُونَ
Andhelik saka wong-wong, amarga barang bubu- ngah kang diwartakaké kang awujud ala iku. Apa ta iki arep dilastarèkaké kalawan nandhang ina, apa ta arep dipendhem ing lemah ? O, la, temen ala pancasané
لِلَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ مَثَلُ السَّوْءِ ۖ وَلِلَّهِ الْمَثَلُ الْأَعْلَىٰ ۚ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ
Para kang padha ora angèstu ing akhirat kadunungan sifat ala, lan sifat kang linuhung iku ka- gungané Allah; lan Panjenengané iku Ingkang-Mahamulya, Ingkang- Wicaksana
وَلَوْ يُؤَاخِذُ اللَّهُ النَّاسَ بِظُلْمِهِمْ مَا تَرَكَ عَلَيْهَا مِنْ دَابَّةٍ وَلَٰكِنْ يُؤَخِّرُهُمْ إِلَىٰ أَجَلٍ مُسَمًّى ۖ فَإِذَا جَاءَ أَجَلُهُمْ لَا يَسْتَأْخِرُونَ سَاعَةً ۖ وَلَا يَسْتَقْدِمُونَ
Lamun Allah iku anglebura para manusa amarga saka anggoné atindak dudu, ing bumi ora bakal ana titaha siji sing Dikarsakaké kari, ananging padha Diparingi sumené tumeka mangsa kang tinamtu; lah samangsa wus tumeka mangsané, ora bakal kena disume- nèkaké saejam sarta ora kena diajokaké
وَيَجْعَلُونَ لِلَّهِ مَا يَكْرَهُونَ وَتَصِفُ أَلْسِنَتُهُمُ الْكَذِبَ أَنَّ لَهُمُ الْحُسْنَىٰ ۖ لَا جَرَمَ أَنَّ لَهُمُ النَّارَ وَأَنَّهُمْ مُفْرَطُونَ
Lan dhèwèké padha angang- gep ing Allah apa kang awaké dhéwé sengit, sarta lisané padha angandhakaké goroh yèn dhèwèké bakal olèh kang becik; ora kena ora, temen, yèn padha olèh bubuhan geni sarta bakal padha didhisikaké

Choose other languages: