Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #59 Translated in Jawa

لِيَكْفُرُوا بِمَا آتَيْنَاهُمْ ۚ فَتَمَتَّعُوا ۖ فَسَوْفَ تَعْلَمُونَ
Supaya dhèwèké padha anga- firi marang barang paparing-Ing- sun ing dhèwèké; lah padha sira seneng-senenga, amarga sira bakal énggal padha weruh
وَيَجْعَلُونَ لِمَا لَا يَعْلَمُونَ نَصِيبًا مِمَّا رَزَقْنَاهُمْ ۗ تَاللَّهِ لَتُسْأَلُنَّ عَمَّا كُنْتُمْ تَفْتَرُونَ
Lan dhèwèké padha amisung- sungaké sapérangané paparing- Ingsun ing dhèwèké marang barang kang dhèwèké padha ora weruh. Dhemi Allah, temen sira bakal dinangu prakara barang kang padha sira anggo gawé-gawé goroh
وَيَجْعَلُونَ لِلَّهِ الْبَنَاتِ سُبْحَانَهُ ۙ وَلَهُمْ مَا يَشْتَهُونَ
Lan dhèwèké padha ngang- gep, manawa Allah iku kagungan putra putri-putri; Mahasuci Panje- nengané; déné tumrap awaké dhéwé apa kang dikapéngini
وَإِذَا بُشِّرَ أَحَدُهُمْ بِالْأُنْثَىٰ ظَلَّ وَجْهُهُ مُسْوَدًّا وَهُوَ كَظِيمٌ
Lan nalika dhèwèké salah siji diwènèhi pawarta bubungah anak wadon, rainé peteng sarta dhèwèké kebak anawung bendu
يَتَوَارَىٰ مِنَ الْقَوْمِ مِنْ سُوءِ مَا بُشِّرَ بِهِ ۚ أَيُمْسِكُهُ عَلَىٰ هُونٍ أَمْ يَدُسُّهُ فِي التُّرَابِ ۗ أَلَا سَاءَ مَا يَحْكُمُونَ
Andhelik saka wong-wong, amarga barang bubu- ngah kang diwartakaké kang awujud ala iku. Apa ta iki arep dilastarèkaké kalawan nandhang ina, apa ta arep dipendhem ing lemah ? O, la, temen ala pancasané

Choose other languages: