Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #111 Translated in Jawa

ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمُ اسْتَحَبُّوا الْحَيَاةَ الدُّنْيَا عَلَى الْآخِرَةِ وَأَنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْكَافِرِينَ
Mangkono iku amarga saka anggoné padha dhemen kauripan donya angungkuli akhirat, sarta amarga Allah iku ora anuntun wong kang padha kafir
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ طَبَعَ اللَّهُ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ وَسَمْعِهِمْ وَأَبْصَارِهِمْ ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْغَافِلُونَ
Iki para kang padha wus diecap déning Allah ati-atiné lan pangrunguné sarta pandeleng- pandelengé, lan iki wong kang padha léna
لَا جَرَمَ أَنَّهُمْ فِي الْآخِرَةِ هُمُ الْخَاسِرُونَ
Wis ora kena ora, ana ing akhirat dhèwèké iku wong kang padha kapitunan
ثُمَّ إِنَّ رَبَّكَ لِلَّذِينَ هَاجَرُوا مِنْ بَعْدِ مَا فُتِنُوا ثُمَّ جَاهَدُوا وَصَبَرُوا إِنَّ رَبَّكَ مِنْ بَعْدِهَا لَغَفُورٌ رَحِيمٌ
Tumuli, sayekti Pangéranira – tumrap para kang padha ngili ing sawisé padha kinuya-kuya, banjur padha nyrem- peng A sarta padha tahan – sayekti, Pangéranira, ing sawisé iku, temen Aparamarta, Mahaasih
يَوْمَ تَأْتِي كُلُّ نَفْسٍ تُجَادِلُ عَنْ نَفْسِهَا وَتُوَفَّىٰ كُلُّ نَفْسٍ مَا عَمِلَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ
dina, kang ing kono siji-sijining jiwa bakal maju ambélani atur tumrap awaké dhéwé, lan siji- sijining jiwa tampa pituwas ganep apa kang wis padha dilakoni, sarta dhèwèké ora bakal padha dianiaya

Choose other languages: