Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #114 Translated in Jawa

ثُمَّ إِنَّ رَبَّكَ لِلَّذِينَ هَاجَرُوا مِنْ بَعْدِ مَا فُتِنُوا ثُمَّ جَاهَدُوا وَصَبَرُوا إِنَّ رَبَّكَ مِنْ بَعْدِهَا لَغَفُورٌ رَحِيمٌ
Tumuli, sayekti Pangéranira – tumrap para kang padha ngili ing sawisé padha kinuya-kuya, banjur padha nyrem- peng A sarta padha tahan – sayekti, Pangéranira, ing sawisé iku, temen Aparamarta, Mahaasih
يَوْمَ تَأْتِي كُلُّ نَفْسٍ تُجَادِلُ عَنْ نَفْسِهَا وَتُوَفَّىٰ كُلُّ نَفْسٍ مَا عَمِلَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ
dina, kang ing kono siji-sijining jiwa bakal maju ambélani atur tumrap awaké dhéwé, lan siji- sijining jiwa tampa pituwas ganep apa kang wis padha dilakoni, sarta dhèwèké ora bakal padha dianiaya
وَضَرَبَ اللَّهُ مَثَلًا قَرْيَةً كَانَتْ آمِنَةً مُطْمَئِنَّةً يَأْتِيهَا رِزْقُهَا رَغَدًا مِنْ كُلِّ مَكَانٍ فَكَفَرَتْ بِأَنْعُمِ اللَّهِ فَأَذَاقَهَا اللَّهُ لِبَاسَ الْجُوعِ وَالْخَوْفِ بِمَا كَانُوا يَصْنَعُونَ
Lan Allah agawé pipindhan sawijining kutha kang raharja, tentrem, kang rijekiné muwah- muwuh teka mrono saka ngendi- endi panggonan; ananging iku ora atur panuwun marang nugrahaning Allah; mulané Allah angicipaké iku ing luwé lan wedi kang abanget, amarga saka barang kang wus padha ditindakaké
وَلَقَدْ جَاءَهُمْ رَسُولٌ مِنْهُمْ فَكَذَّبُوهُ فَأَخَذَهُمُ الْعَذَابُ وَهُمْ ظَالِمُونَ
Lan sayekti, temen sawiji- ning Utusan, unusan saka dhèwèké, ananging iku dhèwèké padha anggorohaké, mulané siksa tumiba marang dhèwèké, sajroné padha atindak dudu
فَكُلُوا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللَّهُ حَلَالًا طَيِّبًا وَاشْكُرُوا نِعْمَتَ اللَّهِ إِنْ كُنْتُمْ إِيَّاهُ تَعْبُدُونَ
Mulané padha mangana rejeki paparingé Allah marang sira, kang dikenakaké, kang becik, sarta padha atura panuwun marang nugrahaning Allah, manawa sira padha ngawulani Panjenengané

Choose other languages: