Surah Al-Qasas Ayahs #77 Translated in Jawa
وَمِنْ رَحْمَتِهِ جَعَلَ لَكُمُ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ لِتَسْكُنُوا فِيهِ وَلِتَبْتَغُوا مِنْ فَضْلِهِ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
Panjenengan Allah ndadekake wengi lan rina genta - genti kabeh mau migunani marang sira, supaya wengi mau sira anggo ngaso lan leren, lan rina mau sira anggo wektu pangupa jiwa golek sih peparinge Allah, lan supaya sira padha syukur marang Allah. Kang mengkono iku ewone sihing Allah marang sira
وَيَوْمَ يُنَادِيهِمْ فَيَقُولُ أَيْنَ شُرَكَائِيَ الَّذِينَ كُنْتُمْ تَزْعُمُونَ
(Muhammad) sira nyritakna babagan dina Qiyamat, nalikane Allah nimbali marang wong kafir, banjur padha didangu ,"Endi wujude brahala kang padha saira degake Pangeran
وَنَزَعْنَا مِنْ كُلِّ أُمَّةٍ شَهِيدًا فَقُلْنَا هَاتُوا بُرْهَانَكُمْ فَعَلِمُوا أَنَّ الْحَقَّ لِلَّهِ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَا كَانُوا يَفْتَرُونَ
Ingsun bakal mundut saksi siji saka umate dhewe - dhewe. Ingsun banjur dangu marang wong kafir, "ENdhi tandha yektinira?" Ing kono wong kafir banjur padha sumurup menawa sesembahan kang bener iku mung Allah piyambak. ANggone padha gawe - gawe dhewe bakal padha sirna saka ing kono
إِنَّ قَارُونَ كَانَ مِنْ قَوْمِ مُوسَىٰ فَبَغَىٰ عَلَيْهِمْ ۖ وَآتَيْنَاهُ مِنَ الْكُنُوزِ مَا إِنَّ مَفَاتِحَهُ لَتَنُوءُ بِالْعُصْبَةِ أُولِي الْقُوَّةِ إِذْ قَالَ لَهُ قَوْمُهُ لَا تَفْرَحْ ۖ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْفَرِحِينَ
Satemene Qarun iku kelebu umate Musa (malah isih pernah anak sanak). Qarun iku mau gumedhe, ngremehake marang dheweke, ngendelake anggone Ingsun paring kasugihan kang tanpa upama. Sogoking (kunci) gedhong bae saking akehe, ora kuwat dipikul wong (patang puluh) kang padha rosa - rosa. Dhek samana para umate Musa padha mituturi marang Qarun, "Panjenengan punika sampun bingah - bingah, awit Allah boten remen dhateng tiyang ingkang kalimput ing kabingahan
وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الْآخِرَةَ ۖ وَلَا تَنْسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا ۖ وَأَحْسِنْ كَمَا أَحْسَنَ اللَّهُ إِلَيْكَ ۖ وَلَا تَبْغِ الْفَسَادَ فِي الْأَرْضِ ۖ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ
Peparinging Allah kasugihan dhateng panjenengan punika prayoginipun panjenengan angge ngangkah kabegjan ing akherat (sarana kadamel mitulungi tiyang ingkang sami kemlaratan), nanging inggih sampun ngatos kesupen dhateng kabetahan panjenengan piyambak ing donya sacekapipun. Panjenengan nyaenana para kawulanipun Allah, kados dene anggenipun Allah ngaeni dhateng panjenengan lan sampun remen damel kerisakan, duraka wanten ing bumi. Awit Allah boten remen dhateng tiyang ingkang sami damel kerisakan
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
