Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Qasas Ayahs #79 Translated in Jawa

وَنَزَعْنَا مِنْ كُلِّ أُمَّةٍ شَهِيدًا فَقُلْنَا هَاتُوا بُرْهَانَكُمْ فَعَلِمُوا أَنَّ الْحَقَّ لِلَّهِ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَا كَانُوا يَفْتَرُونَ
Ingsun bakal mundut saksi siji saka umate dhewe - dhewe. Ingsun banjur dangu marang wong kafir, "ENdhi tandha yektinira?" Ing kono wong kafir banjur padha sumurup menawa sesembahan kang bener iku mung Allah piyambak. ANggone padha gawe - gawe dhewe bakal padha sirna saka ing kono
إِنَّ قَارُونَ كَانَ مِنْ قَوْمِ مُوسَىٰ فَبَغَىٰ عَلَيْهِمْ ۖ وَآتَيْنَاهُ مِنَ الْكُنُوزِ مَا إِنَّ مَفَاتِحَهُ لَتَنُوءُ بِالْعُصْبَةِ أُولِي الْقُوَّةِ إِذْ قَالَ لَهُ قَوْمُهُ لَا تَفْرَحْ ۖ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْفَرِحِينَ
Satemene Qarun iku kelebu umate Musa (malah isih pernah anak sanak). Qarun iku mau gumedhe, ngremehake marang dheweke, ngendelake anggone Ingsun paring kasugihan kang tanpa upama. Sogoking (kunci) gedhong bae saking akehe, ora kuwat dipikul wong (patang puluh) kang padha rosa - rosa. Dhek samana para umate Musa padha mituturi marang Qarun, "Panjenengan punika sampun bingah - bingah, awit Allah boten remen dhateng tiyang ingkang kalimput ing kabingahan
وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الْآخِرَةَ ۖ وَلَا تَنْسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا ۖ وَأَحْسِنْ كَمَا أَحْسَنَ اللَّهُ إِلَيْكَ ۖ وَلَا تَبْغِ الْفَسَادَ فِي الْأَرْضِ ۖ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ
Peparinging Allah kasugihan dhateng panjenengan punika prayoginipun panjenengan angge ngangkah kabegjan ing akherat (sarana kadamel mitulungi tiyang ingkang sami kemlaratan), nanging inggih sampun ngatos kesupen dhateng kabetahan panjenengan piyambak ing donya sacekapipun. Panjenengan nyaenana para kawulanipun Allah, kados dene anggenipun Allah ngaeni dhateng panjenengan lan sampun remen damel kerisakan, duraka wanten ing bumi. Awit Allah boten remen dhateng tiyang ingkang sami damel kerisakan
قَالَ إِنَّمَا أُوتِيتُهُ عَلَىٰ عِلْمٍ عِنْدِي ۚ أَوَلَمْ يَعْلَمْ أَنَّ اللَّهَ قَدْ أَهْلَكَ مِنْ قَبْلِهِ مِنَ الْقُرُونِ مَنْ هُوَ أَشَدُّ مِنْهُ قُوَّةً وَأَكْثَرُ جَمْعًا ۚ وَلَا يُسْأَلُ عَنْ ذُنُوبِهِمُ الْمُجْرِمُونَ
Qarun mangsuli, "Anggeningsun diparingi kasugihan dening Allah semene iki, amarga akeh ilmuningsun, dadi ora mligi peparingi Allah." (Pangandikane Allah), Qarun mau apa sumurup ceritane dhek biyen Allah wis nate numpes wong kang luwih dening santosa lan akeh kancane, ngungkuli Qarun mau? Para wong kafir wis ora usah ditakoni dosane
فَخَرَجَ عَلَىٰ قَوْمِهِ فِي زِينَتِهِ ۖ قَالَ الَّذِينَ يُرِيدُونَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا يَا لَيْتَ لَنَا مِثْلَ مَا أُوتِيَ قَارُونُ إِنَّهُ لَذُو حَظٍّ عَظِيمٍ
Ing sawiji dina Qarun metu marang umate Musa ginarubyuk wong akeh kang padha nganggo - anggo kang sarwa indah, para wong mukmin kang padha kepengin kabungahan ing donya padha ngucap, "Adhuh mbok ingsun iki diparingi dening Allah kaya peparinge marang Qarun! sayekti dheweke iku duwe kabegjan gedhe temenan

Choose other languages: