Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Qasas Ayahs #35 Translated in Jawa

وَأَنْ أَلْقِ عَصَاكَ ۖ فَلَمَّا رَآهَا تَهْتَزُّ كَأَنَّهَا جَانٌّ وَلَّىٰ مُدْبِرًا وَلَمْ يُعَقِّبْ ۚ يَا مُوسَىٰ أَقْبِلْ وَلَا تَخَفْ ۖ إِنَّكَ مِنَ الْآمِنِينَ
Musa, tekenira iku sira uncalna", Musa banjur nguncalake tekene, sanalika tekene mau dadi ula gedhe. Bareng Musa sumurup, banjur mungkur mlayu ora noleh. Musa nuli di timbali dening Allah, "He Musa, sira amadhepa lan aja wedi, satemene sira bakal disentosake, ora kena pialane ula
اسْلُكْ يَدَكَ فِي جَيْبِكَ تَخْرُجْ بَيْضَاءَ مِنْ غَيْرِ سُوءٍ وَاضْمُمْ إِلَيْكَ جَنَاحَكَ مِنَ الرَّهْبِ ۖ فَذَانِكَ بُرْهَانَانِ مِنْ رَبِّكَ إِلَىٰ فِرْعَوْنَ وَمَلَئِهِ ۚ إِنَّهُمْ كَانُوا قَوْمًا فَاسِقِينَ
Tangan sira lebokna ing dhadhanira, nuli sira wetokna". (Musa banjur nglebokaka tangane ing dhadhane bareng diwetokake), bakal putih warnane, tanpa cacad. Lan sira rapetna tanganira, jalaran saka wedi mesthi bali kaya maune". Loro iku padha tandha yekti saka Allah Pangeranira, kanggo wewaton nerang - nerangake marang Fir’aun dalah para kaume) awit kabeh iku padha duraka lan kafir
قَالَ رَبِّ إِنِّي قَتَلْتُ مِنْهُمْ نَفْسًا فَأَخَافُ أَنْ يَقْتُلُونِ
Musa munjuk, "Dhuh Pangeran kawula, kawula punika sampun mejahi (tiyang Qibthi), panungilanipun wadyabalanipun Fir’aun, mila kawula kuwatos menawi Fir’aun lajeng mejahi dhateng kawula
وَأَخِي هَارُونُ هُوَ أَفْصَحُ مِنِّي لِسَانًا فَأَرْسِلْهُ مَعِيَ رِدْءًا يُصَدِّقُنِي ۖ إِنِّي أَخَافُ أَنْ يُكَذِّبُونِ
Sedherek kawula Harun punika langkung teteh patitis wicantenipun, ngungkuli kawula, mugi Panjenengan ngutus Harun dados kanca kawula, supados nekseni menawi kawula temen dados utusan Panjenengan, awit kawula kuwatos bokmenawi Fir’aun maiben
قَالَ سَنَشُدُّ عَضُدَكَ بِأَخِيكَ وَنَجْعَلُ لَكُمَا سُلْطَانًا فَلَا يَصِلُونَ إِلَيْكُمَا ۚ بِآيَاتِنَا أَنْتُمَا وَمَنِ اتَّبَعَكُمَا الْغَالِبُونَ
Allah paring pangandika, Ingsun bakal nguwatake sira sarana pambiyantune sedulurira Harun, lan sira wong loro, Ingsun paringi prabawa, dadi tindak ala paringi prabawa, dadi tindak ala kang ditandukake Fir’aun dalah para kaume ora bisa tumama marang sira wong loro, marga mu’jizat tandha yekti saka Ingsun. Sira lan wong kang padha manut marang sira, kabeh padha pikantuk kemenangan

Choose other languages: