Surah Al-Qasas Ayahs #38 Translated in Jawa
وَأَخِي هَارُونُ هُوَ أَفْصَحُ مِنِّي لِسَانًا فَأَرْسِلْهُ مَعِيَ رِدْءًا يُصَدِّقُنِي ۖ إِنِّي أَخَافُ أَنْ يُكَذِّبُونِ
Sedherek kawula Harun punika langkung teteh patitis wicantenipun, ngungkuli kawula, mugi Panjenengan ngutus Harun dados kanca kawula, supados nekseni menawi kawula temen dados utusan Panjenengan, awit kawula kuwatos bokmenawi Fir’aun maiben
قَالَ سَنَشُدُّ عَضُدَكَ بِأَخِيكَ وَنَجْعَلُ لَكُمَا سُلْطَانًا فَلَا يَصِلُونَ إِلَيْكُمَا ۚ بِآيَاتِنَا أَنْتُمَا وَمَنِ اتَّبَعَكُمَا الْغَالِبُونَ
Allah paring pangandika, Ingsun bakal nguwatake sira sarana pambiyantune sedulurira Harun, lan sira wong loro, Ingsun paringi prabawa, dadi tindak ala paringi prabawa, dadi tindak ala kang ditandukake Fir’aun dalah para kaume ora bisa tumama marang sira wong loro, marga mu’jizat tandha yekti saka Ingsun. Sira lan wong kang padha manut marang sira, kabeh padha pikantuk kemenangan
فَلَمَّا جَاءَهُمْ مُوسَىٰ بِآيَاتِنَا بَيِّنَاتٍ قَالُوا مَا هَٰذَا إِلَّا سِحْرٌ مُفْتَرًى وَمَا سَمِعْنَا بِهَٰذَا فِي آبَائِنَا الْأَوَّلِينَ
Bareng Musa wis tekan ing pasewakane Fir’aun, nerangake anggone diutus ing Allah lan nglahirake mu’jizat kaelokan, minangka tandha yekti, Fir’aun dalah para kaume padha ngucap, "Kaelokan iki ora liya mung sihir, di akokake tandha yekti saka Allah. Ingsun ora krungu ceritakna para leluhuringsun biyen (padha didhawuhi manembah ing Allah kaya kandhane Musa iki)
وَقَالَ مُوسَىٰ رَبِّي أَعْلَمُ بِمَنْ جَاءَ بِالْهُدَىٰ مِنْ عِنْدِهِ وَمَنْ تَكُونُ لَهُ عَاقِبَةُ الدَّارِ ۖ إِنَّهُ لَا يُفْلِحُ الظَّالِمُونَ
Musa mangsuli, "Pangeran kula temtu ngawuningani dhateng tiyang ingkang nedahake pitedah leres, terang saking Allah, sarta dhumateng tiyang ingkang benjing wonten ing akherat badhe angsal pangalembana. Tiyang kafir temtu boten badhe pikantuk kabegjan
وَقَالَ فِرْعَوْنُ يَا أَيُّهَا الْمَلَأُ مَا عَلِمْتُ لَكُمْ مِنْ إِلَٰهٍ غَيْرِي فَأَوْقِدْ لِي يَا هَامَانُ عَلَى الطِّينِ فَاجْعَلْ لِي صَرْحًا لَعَلِّي أَطَّلِعُ إِلَىٰ إِلَٰهِ مُوسَىٰ وَإِنِّي لَأَظُنُّهُ مِنَ الْكَاذِبِينَ
Fir’aun mangsuli, "He para punggawa! ingsun ora sumurup menawa sira duwe pangeran saliyane ingsun. He Haman saiki parentaha gawe bata, ingsun yasakna panggung kang dhuwur, supaya ingsun bisa sumurup marang Pangerane Musa. Satemene Panemuningsun, pangucape Musa iku kabeh goroh
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
