Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Qalam Ayahs #19 Translated in Jawa

إِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِ آيَاتُنَا قَالَ أَسَاطِيرُ الْأَوَّلِينَ
Manawa diwacakake Al-Quran ayatingsu, celathu, "iku gawe - gaweyane para wong kuna
سَنَسِمُهُ عَلَى الْخُرْطُومِ
Wong mangkono iku, Ingsun dodoki tenger ing irunge (belalai) salawase urip (nalika perang ing Badar Walid bin Mughirah prothol irungipun)
إِنَّا بَلَوْنَاهُمْ كَمَا بَلَوْنَا أَصْحَابَ الْجَنَّةِ إِذْ أَقْسَمُوا لَيَصْرِمُنَّهَا مُصْبِحِينَ
Sayekti Ingsun bakal nyoba dhewek koyo anggon Ingsun nyoba wong - wong kang duwe kebon nalikane padha supata tandurane mesthi diunduhi ing wayah bangun esuk (supaya aja dijaluki wong miskin)
وَلَا يَسْتَثْنُونَ
Supatane tanpa sumendhe ing kersaning Allah
فَطَافَ عَلَيْهَا طَائِفٌ مِنْ رَبِّكَ وَهُمْ نَائِمُونَ
Ing kono wong kang duwe tanduran lagi padha turu Pangeranira nurunake geni ngobong tandurane entek dadi awu

Choose other languages: