Surah Al-Mumtahana Ayahs #9 Translated in Jawa
رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا فِتْنَةً لِلَّذِينَ كَفَرُوا وَاغْفِرْ لَنَا رَبَّنَا ۖ إِنَّكَ أَنْتَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ
Pangeran kawula, sampun ngantos kawula dipun kawonaken kaliyan tiyang kafir, mindhak sangsaya dados panasaran tumrapipun kafir punika. Paduka mugi ngapunten dhumateng kawula. Sayektosipun Paduka punika Maha Mulya tur wicaksana
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيهِمْ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ ۚ وَمَنْ يَتَوَلَّ فَإِنَّ اللَّهَ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيدُ
Satemene kanggo sira kabeh wis duwe panutan becik (Ibrahim lan sahabate) dadi panutan wong kang bekti ing Allah lan dina akherat. Dene sing sapa mlengos (ora makewuhi) awot Allah iku Maha Sugih lan Pantes ing Ngalembana
عَسَى اللَّهُ أَنْ يَجْعَلَ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَ الَّذِينَ عَادَيْتُمْ مِنْهُمْ مَوَدَّةً ۚ وَاللَّهُ قَدِيرٌ ۚ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Mugi Allah marangna padha asih - sinasihan antaranira lan marang wong - wong kang nyateru ing sira antarane dheweke. Allah iku kuwasa, kepareng ngapura tur maha asih
لَا يَنْهَاكُمُ اللَّهُ عَنِ الَّذِينَ لَمْ يُقَاتِلُوكُمْ فِي الدِّينِ وَلَمْ يُخْرِجُوكُمْ مِنْ دِيَارِكُمْ أَنْ تَبَرُّوهُمْ وَتُقْسِطُوا إِلَيْهِمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُقْسِطِينَ
Allah ora nglarangi marang sira, gawe becik lan nindakake adil utawa tepa - tepa marang para wong kafir kang ora perang ngelawan sira perkara rebutan agama, lan ora ngusir saka imahira. Satemene Allah iku remen wong kang padha nindakake tepa utawa adil
إِنَّمَا يَنْهَاكُمُ اللَّهُ عَنِ الَّذِينَ قَاتَلُوكُمْ فِي الدِّينِ وَأَخْرَجُوكُمْ مِنْ دِيَارِكُمْ وَظَاهَرُوا عَلَىٰ إِخْرَاجِكُمْ أَنْ تَوَلَّوْهُمْ ۚ وَمَنْ يَتَوَلَّهُمْ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ
Kang mesthi dilarang dening Allah menawa sira gawe becik utawa asih marang wong kafir kang perang nglawan sira omahira (negaramu) lan bantu (wong liya) kanggo ngusir sira. Sing sapa asih utawa gawe becik marang wong kafir mau iku dheweke nganiaya awake dhewe
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
