Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mulk Ayahs #7 Translated in Jawa

الَّذِي خَلَقَ سَبْعَ سَمَاوَاتٍ طِبَاقًا ۖ مَا تَرَىٰ فِي خَلْقِ الرَّحْمَٰنِ مِنْ تَفَاوُتٍ ۖ فَارْجِعِ الْبَصَرَ هَلْ تَرَىٰ مِنْ فُطُورٍ
Kang anitahake langit pitu padha, sira ora andeleng ana bedane ana ing sajerone titahe Ingkang Maha Murah; lan delenga maneh, apa sira bisa weruh ana kang geseh
ثُمَّ ارْجِعِ الْبَصَرَ كَرَّتَيْنِ يَنْقَلِبْ إِلَيْكَ الْبَصَرُ خَاسِئًا وَهُوَ حَسِيرٌ
Banjur andelenga maneh mesthi pandelengira hambalik konjem ora bisa nemu cacade gegaweyaning Pangeran
وَلَقَدْ زَيَّنَّا السَّمَاءَ الدُّنْيَا بِمَصَابِيحَ وَجَعَلْنَاهَا رُجُومًا لِلشَّيَاطِينِ ۖ وَأَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابَ السَّعِيرِ
Ingsun ngrengga langit dunya (langit kang ngisor dhewe) kelawan lintang pirang - pirang, lintang mau Ingsun anggo balang, hambalangi para syaitan, dene syetan mau padha Ingsun ancam siksa neraka Sa’ir
وَلِلَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ عَذَابُ جَهَنَّمَ ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ
Sarupane wong sing maido Allah Pangerane, padha di patrapi siksa neraka jahannam. Ala temen kawusanan kang mangkono
إِذَا أُلْقُوا فِيهَا سَمِعُوا لَهَا شَهِيقًا وَهِيَ تَفُورُ
Nalikane wong kafir padha dicemplungake ing neraka panjerite karungu, neraka mau umub mumpal - mumpal

Choose other languages: