Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mulk Ayahs #8 Translated in Jawa

ثُمَّ ارْجِعِ الْبَصَرَ كَرَّتَيْنِ يَنْقَلِبْ إِلَيْكَ الْبَصَرُ خَاسِئًا وَهُوَ حَسِيرٌ
Banjur andelenga maneh mesthi pandelengira hambalik konjem ora bisa nemu cacade gegaweyaning Pangeran
وَلَقَدْ زَيَّنَّا السَّمَاءَ الدُّنْيَا بِمَصَابِيحَ وَجَعَلْنَاهَا رُجُومًا لِلشَّيَاطِينِ ۖ وَأَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابَ السَّعِيرِ
Ingsun ngrengga langit dunya (langit kang ngisor dhewe) kelawan lintang pirang - pirang, lintang mau Ingsun anggo balang, hambalangi para syaitan, dene syetan mau padha Ingsun ancam siksa neraka Sa’ir
وَلِلَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ عَذَابُ جَهَنَّمَ ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ
Sarupane wong sing maido Allah Pangerane, padha di patrapi siksa neraka jahannam. Ala temen kawusanan kang mangkono
إِذَا أُلْقُوا فِيهَا سَمِعُوا لَهَا شَهِيقًا وَهِيَ تَفُورُ
Nalikane wong kafir padha dicemplungake ing neraka panjerite karungu, neraka mau umub mumpal - mumpal
تَكَادُ تَمَيَّزُ مِنَ الْغَيْظِ ۖ كُلَّمَا أُلْقِيَ فِيهَا فَوْجٌ سَأَلَهُمْ خَزَنَتُهَا أَلَمْ يَأْتِكُمْ نَذِيرٌ
Saking muringe neraka, wong kafir meh mrotholi, saben ana wong kafir sagolongan dicemplungake neraka ditakoni (dening Malaikat), "Apa biyen ora ana juru pepeling sing nekani kowe

Choose other languages: