Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mulk Ayahs #10 Translated in Jawa

وَلِلَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ عَذَابُ جَهَنَّمَ ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ
Sarupane wong sing maido Allah Pangerane, padha di patrapi siksa neraka jahannam. Ala temen kawusanan kang mangkono
إِذَا أُلْقُوا فِيهَا سَمِعُوا لَهَا شَهِيقًا وَهِيَ تَفُورُ
Nalikane wong kafir padha dicemplungake ing neraka panjerite karungu, neraka mau umub mumpal - mumpal
تَكَادُ تَمَيَّزُ مِنَ الْغَيْظِ ۖ كُلَّمَا أُلْقِيَ فِيهَا فَوْجٌ سَأَلَهُمْ خَزَنَتُهَا أَلَمْ يَأْتِكُمْ نَذِيرٌ
Saking muringe neraka, wong kafir meh mrotholi, saben ana wong kafir sagolongan dicemplungake neraka ditakoni (dening Malaikat), "Apa biyen ora ana juru pepeling sing nekani kowe
قَالُوا بَلَىٰ قَدْ جَاءَنَا نَذِيرٌ فَكَذَّبْنَا وَقُلْنَا مَا نَزَّلَ اللَّهُ مِنْ شَيْءٍ إِنْ أَنْتُمْ إِلَّا فِي ضَلَالٍ كَبِيرٍ
Pada mangsuli, "Inggih sampun wonten juru pepenget andhatengi kula, ananging kula sami anggorohaken sarwi wicanten, Allah boten dhawuhaken punapa - punapa sampeyan punika tetela kesasar sanget
وَقَالُوا لَوْ كُنَّا نَسْمَعُ أَوْ نَعْقِلُ مَا كُنَّا فِي أَصْحَابِ السَّعِيرِ
Wong kafir mau padha ngucap, "Upama aku biyen ngestokake dhawuh utawa mikir, kaya - kaya ora kecemplung neraka Sa’ir

Choose other languages: