Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #85 Translated in Jawa

وَلَوْ كَانُوا يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَالنَّبِيِّ وَمَا أُنْزِلَ إِلَيْهِ مَا اتَّخَذُوهُمْ أَوْلِيَاءَ وَلَٰكِنَّ كَثِيرًا مِنْهُمْ فَاسِقُونَ
Lan yèn ta padha angèstua ing Allah lan nabi sarta apa kang kadhawuhaké marang dhèwèké, ora bakal padha angalap pawong mitra dhèwèké, ananging dhèwèké iku sing akèh padha murang yekti
لَتَجِدَنَّ أَشَدَّ النَّاسِ عَدَاوَةً لِلَّذِينَ آمَنُوا الْيَهُودَ وَالَّذِينَ أَشْرَكُوا ۖ وَلَتَجِدَنَّ أَقْرَبَهُمْ مَوَدَّةً لِلَّذِينَ آمَنُوا الَّذِينَ قَالُوا إِنَّا نَصَارَىٰ ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّ مِنْهُمْ قِسِّيسِينَ وَرُهْبَانًا وَأَنَّهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُونَ
Temen sira bakal nemu banget-bangeting manusa kang mungsuh marang para kang padha angèstu iku para Yahudi lan para kang manembah pangéran akèh, lan sira bakal nemu kang padha luwih raket mimitrané marang para kang padha angèstu, iku para kang padha calathu: Aku iki Nasrani; iki amarga dhèwèké iku ana brah- manané lan maratapané lan amarga dhèwèké iku padha ora gume- dhé
وَإِذَا سَمِعُوا مَا أُنْزِلَ إِلَى الرَّسُولِ تَرَىٰ أَعْيُنَهُمْ تَفِيضُ مِنَ الدَّمْعِ مِمَّا عَرَفُوا مِنَ الْحَقِّ ۖ يَقُولُونَ رَبَّنَا آمَنَّا فَاكْتُبْنَا مَعَ الشَّاهِدِينَ
Lan manawa dhèwèké padha krungu apa kang kadhawuhaké marang utusan, sira weruh mripaté padah nrocos eluhé, amarga saka anggoné padha weruh ing yakti; padha acalathu: Pangéran kawula! kawula sami angèstu, milanipun mugi Tuwan kapareng anyerat kawula nunggil para saksi
وَمَا لَنَا لَا نُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَمَا جَاءَنَا مِنَ الْحَقِّ وَنَطْمَعُ أَنْ يُدْخِلَنَا رَبُّنَا مَعَ الْقَوْمِ الصَّالِحِينَ
Lan yagéné aku padha ora angèstu ing Allah sarta barang yakti kang wis tumeka marang aku, kang mangka aku padha kayungyun, amrih Pangéranku anglebokaké aku nunggal para wong tulus
فَأَثَابَهُمُ اللَّهُ بِمَا قَالُوا جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا ۚ وَذَٰلِكَ جَزَاءُ الْمُحْسِنِينَ
Mulané Allah angganjar dhè- wèké patamanan, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, amarga sa- ka pangucapé mau, supaya padha manggon ing kono; lan iki ganja- rané para kang padha agawé becik

Choose other languages: