Surah Al-Maeda Ayahs #67 Translated in Jawa
لَوْلَا يَنْهَاهُمُ الرَّبَّانِيُّونَ وَالْأَحْبَارُ عَنْ قَوْلِهِمُ الْإِثْمَ وَأَكْلِهِمُ السُّحْتَ ۚ لَبِئْسَ مَا كَانُوا يَصْنَعُونَ
Yagéné para pandhitané lan para winasisé padha ora menging dhèwèké anggoné padha ngucap dosa lan anggoné padha mangan barang kang olèhé sarana laku ora bener? Temen ala apa kang padha ditindakaké
وَقَالَتِ الْيَهُودُ يَدُ اللَّهِ مَغْلُولَةٌ ۚ غُلَّتْ أَيْدِيهِمْ وَلُعِنُوا بِمَا قَالُوا ۘ بَلْ يَدَاهُ مَبْسُوطَتَانِ يُنْفِقُ كَيْفَ يَشَاءُ ۚ وَلَيَزِيدَنَّ كَثِيرًا مِنْهُمْ مَا أُنْزِلَ إِلَيْكَ مِنْ رَبِّكَ طُغْيَانًا وَكُفْرًا ۚ وَأَلْقَيْنَا بَيْنَهُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاءَ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ ۚ كُلَّمَا أَوْقَدُوا نَارًا لِلْحَرْبِ أَطْفَأَهَا اللَّهُ ۚ وَيَسْعَوْنَ فِي الْأَرْضِ فَسَادًا ۚ وَاللَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ
Lan para Yahudi padha cala- thu: Astaning Allah iku kabanda! Tangan-tangané kang bakal padha binanda sarta bakal padha dila’nati amarga saka anggoné padha calathu mau. O, balik asta-Né karo pisan padha mulung, Panjene- ngané apaparing kapriyé sakarsa- Né; lan sayekti, dhèwèké iku sing akèh-akèh, apa kang kadhawuhaké marang sira saka Pangéranira, iku temen angundhakaké anggoné an- daluya lan anggoné kafir; lan Ingsun andèkèkaké mumungsuhan lan gegethingan ana ing antarané dhèwèké tumeka dina kiyamat;a saben-saben padha angurubaké genining paprangan, iku Allah sing nyirep, sarta dhèwèké padha tu- mindak agawé wisuna ing bumi; lan Allah iku ora remen para wong kang agawé wisuna
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْكِتَابِ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَكَفَّرْنَا عَنْهُمْ سَيِّئَاتِهِمْ وَلَأَدْخَلْنَاهُمْ جَنَّاتِ النَّعِيمِ
Lan saupama para pandhèrèk- ing Kitab iku padha angèstua lan padha bektia, amasthi dhèwèké Ingsun alingi panggawé-pangga- wéné kang ala, lan amasthi bakal Ingsun lebokaké ing taman nu- graha
وَلَوْ أَنَّهُمْ أَقَامُوا التَّوْرَاةَ وَالْإِنْجِيلَ وَمَا أُنْزِلَ إِلَيْهِمْ مِنْ رَبِّهِمْ لَأَكَلُوا مِنْ فَوْقِهِمْ وَمِنْ تَحْتِ أَرْجُلِهِمْ ۚ مِنْهُمْ أُمَّةٌ مُقْتَصِدَةٌ ۖ وَكَثِيرٌ مِنْهُمْ سَاءَ مَا يَعْمَلُونَ
Lan saupama dhèwèké padha anjejegna Taurèt lan Injil lan apa kang kadhawuhaké marang dhè- wèké saka ing Pangérané, amasthi bakal padha mangan saka ing dhuwuré lan saka ing sangisoring sikil-sikilé; sawenèhé iya ana sagolongan kang burus tindaké, lan sing akèh-akèh ala barang kang padha dilakoni
يَا أَيُّهَا الرَّسُولُ بَلِّغْ مَا أُنْزِلَ إِلَيْكَ مِنْ رَبِّكَ ۖ وَإِنْ لَمْ تَفْعَلْ فَمَا بَلَّغْتَ رِسَالَتَهُ ۚ وَاللَّهُ يَعْصِمُكَ مِنَ النَّاسِ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْكَافِرِينَ
É, Utusan! anekakna apa kang kadhawuhaké marang sira saka ing Pangéranira; lan manawa sira ora nindakaké, lah sira iya ora nekakaké ayahan-É; lan Allah bakal anyalametaké sira saka ing manusa; sayekti Allah iku ora nuntun wong kang padha kafir
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
