Surah Al-Maeda Ayahs #69 Translated in Jawa
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْكِتَابِ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَكَفَّرْنَا عَنْهُمْ سَيِّئَاتِهِمْ وَلَأَدْخَلْنَاهُمْ جَنَّاتِ النَّعِيمِ
Lan saupama para pandhèrèk- ing Kitab iku padha angèstua lan padha bektia, amasthi dhèwèké Ingsun alingi panggawé-pangga- wéné kang ala, lan amasthi bakal Ingsun lebokaké ing taman nu- graha
وَلَوْ أَنَّهُمْ أَقَامُوا التَّوْرَاةَ وَالْإِنْجِيلَ وَمَا أُنْزِلَ إِلَيْهِمْ مِنْ رَبِّهِمْ لَأَكَلُوا مِنْ فَوْقِهِمْ وَمِنْ تَحْتِ أَرْجُلِهِمْ ۚ مِنْهُمْ أُمَّةٌ مُقْتَصِدَةٌ ۖ وَكَثِيرٌ مِنْهُمْ سَاءَ مَا يَعْمَلُونَ
Lan saupama dhèwèké padha anjejegna Taurèt lan Injil lan apa kang kadhawuhaké marang dhè- wèké saka ing Pangérané, amasthi bakal padha mangan saka ing dhuwuré lan saka ing sangisoring sikil-sikilé; sawenèhé iya ana sagolongan kang burus tindaké, lan sing akèh-akèh ala barang kang padha dilakoni
يَا أَيُّهَا الرَّسُولُ بَلِّغْ مَا أُنْزِلَ إِلَيْكَ مِنْ رَبِّكَ ۖ وَإِنْ لَمْ تَفْعَلْ فَمَا بَلَّغْتَ رِسَالَتَهُ ۚ وَاللَّهُ يَعْصِمُكَ مِنَ النَّاسِ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْكَافِرِينَ
É, Utusan! anekakna apa kang kadhawuhaké marang sira saka ing Pangéranira; lan manawa sira ora nindakaké, lah sira iya ora nekakaké ayahan-É; lan Allah bakal anyalametaké sira saka ing manusa; sayekti Allah iku ora nuntun wong kang padha kafir
قُلْ يَا أَهْلَ الْكِتَابِ لَسْتُمْ عَلَىٰ شَيْءٍ حَتَّىٰ تُقِيمُوا التَّوْرَاةَ وَالْإِنْجِيلَ وَمَا أُنْزِلَ إِلَيْكُمْ مِنْ رَبِّكُمْ ۗ وَلَيَزِيدَنَّ كَثِيرًا مِنْهُمْ مَا أُنْزِلَ إِلَيْكَ مِنْ رَبِّكَ طُغْيَانًا وَكُفْرًا ۖ فَلَا تَأْسَ عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ
Calathua: É, para pandhèrè- king Kitab, ora pisan sira iku manut barang becik,a kajaba manawa sira wis padha anjejegaké Taurèt lan Injil lan apa kang kadhawuhaké marang sira saka Pangéranira; lan apa kang ka- dhawuhaké marang sira saka Pangéranira iku temen angun- dhakaké pambalasar lan kakafiran tumrap dhèwèké kang akèh-akèh; mulané aja sira anusahaké marang wong kang padha kafir
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَالَّذِينَ هَادُوا وَالصَّابِئُونَ وَالنَّصَارَىٰ مَنْ آمَنَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَعَمِلَ صَالِحًا فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ
Sayekti para kang padha angèstu lan para kang padha Yahudi lan para Sabiûn lan para Nasrani, _ sapa sing angèstu ing Allah lan dina akhir lan atindak becik – iya ora bakal kataman wedi sarta ora padha susah.a
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
