Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #57 Translated in Jawa

وَيَقُولُ الَّذِينَ آمَنُوا أَهَٰؤُلَاءِ الَّذِينَ أَقْسَمُوا بِاللَّهِ جَهْدَ أَيْمَانِهِمْ ۙ إِنَّهُمْ لَمَعَكُمْ ۚ حَبِطَتْ أَعْمَالُهُمْ فَأَصْبَحُوا خَاسِرِينَ
Lan para kang padha angèstu bakal padha calathu: Apa iki para kang padha supata kanthi Allah kalawan man- thenging supatané, yèn dhèwèké sayekti temen-temen réwangira? Muspra sakèh panggawéné, mula- né padha dadi wong kang padha kapitunan
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا مَنْ يَرْتَدَّ مِنْكُمْ عَنْ دِينِهِ فَسَوْفَ يَأْتِي اللَّهُ بِقَوْمٍ يُحِبُّهُمْ وَيُحِبُّونَهُ أَذِلَّةٍ عَلَى الْمُؤْمِنِينَ أَعِزَّةٍ عَلَى الْكَافِرِينَ يُجَاهِدُونَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَلَا يَخَافُونَ لَوْمَةَ لَائِمٍ ۚ ذَٰلِكَ فَضْلُ اللَّهِ يُؤْتِيهِ مَنْ يَشَاءُ ۚ وَاللَّهُ وَاسِعٌ عَلِيمٌ
É, para kang padha angèstu! sapa sira yèn ana kang ambalik saka agamané, iku Allah bakal anekakaké wong-wong kang padha Ditresnani sarta padha tresna ing Panjenengané, andhap-asor ma- rang para angèstu, minulya atas para kafir; bakal padha nyrempeng ing dadalaning Allah lan ora padha wedi marang panacadé wong kang nacad; iki lubèré kadarmaning Allah, kaparingaké sapa kang dadi kapareng-É; lan Allah iku Jembar- paparingé, Ngudanéni
إِنَّمَا وَلِيُّكُمُ اللَّهُ وَرَسُولُهُ وَالَّذِينَ آمَنُوا الَّذِينَ يُقِيمُونَ الصَّلَاةَ وَيُؤْتُونَ الزَّكَاةَ وَهُمْ رَاكِعُونَ
Mitranira iku mung Allah lan Utusan-É sarta para angèstu, para kang padha anjumenengaké salat, lan padha ambayar zakat, lan dhèwèké padha rukuk
وَمَنْ يَتَوَلَّ اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَالَّذِينَ آمَنُوا فَإِنَّ حِزْبَ اللَّهِ هُمُ الْغَالِبُونَ
Lan sapa sing ngapèk mitra Allah lan utusan-É sarta para angèstu, lah sayekti, papanthaning Allah, iku kang padha menang
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَتَّخِذُوا الَّذِينَ اتَّخَذُوا دِينَكُمْ هُزُوًا وَلَعِبًا مِنَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَالْكُفَّارَ أَوْلِيَاءَ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
É, para kang padha angèstu! Aja sira padha ngalap pangayoman para kang wus padha kaparingan kitab ing sadurungira sarta para kafir, kang anganggep agamanira iku guguyon lan dolanan; lan padha di bekti ing Allah, manawa sira padha wong angèstu

Choose other languages: