Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #49 Translated in Jawa

وَكَتَبْنَا عَلَيْهِمْ فِيهَا أَنَّ النَّفْسَ بِالنَّفْسِ وَالْعَيْنَ بِالْعَيْنِ وَالْأَنْفَ بِالْأَنْفِ وَالْأُذُنَ بِالْأُذُنِ وَالسِّنَّ بِالسِّنِّ وَالْجُرُوحَ قِصَاصٌ ۚ فَمَنْ تَصَدَّقَ بِهِ فَهُوَ كَفَّارَةٌ لَهُ ۚ وَمَنْ لَمْ يَحْكُمْ بِمَا أَنْزَلَ اللَّهُ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ
Ana ing sajroné, Ingsun wus anamtokaké angger ingatasé dhè- wèké, nyawa nyaur nyawa, lan mripat kalawan mripat lan irung kalawan irung sarta untu kalawan untu, sarta rajatatu ana wawa- lesé; ananging sapa sing ang- rilakaké iku, iya bakal olèh lili- ru; lan sapa sing ora ambebeneri kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allaha lah iki para kang atindak dudu
وَقَفَّيْنَا عَلَىٰ آثَارِهِمْ بِعِيسَى ابْنِ مَرْيَمَ مُصَدِّقًا لِمَا بَيْنَ يَدَيْهِ مِنَ التَّوْرَاةِ ۖ وَآتَيْنَاهُ الْإِنْجِيلَ فِيهِ هُدًى وَنُورٌ وَمُصَدِّقًا لِمَا بَيْنَ يَدَيْهِ مِنَ التَّوْرَاةِ وَهُدًى وَمَوْعِظَةً لِلْمُتَّقِينَ
Banjur ing lakune para nabi, Ingsun ngutus Yesus, putra Maryam, negesake Toret sing wis kaandharake sadurunge dheweke. Lan Aku menehi Injil sing ngemot pandhuan lan pepadhang lan negesake apa sing dicethakake ana ing Toret - pandhuan lan piwulang tumrap wong sing wedi karo Gusti Allah
وَلْيَحْكُمْ أَهْلُ الْإِنْجِيلِ بِمَا أَنْزَلَ اللَّهُ فِيهِ ۚ وَمَنْ لَمْ يَحْكُمْ بِمَا أَنْزَلَ اللَّهُ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْفَاسِقُونَ
Lan para pandhèrèking Injil dimèn padha ambebeneri kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allah ana ing jeroné; lan sapa sing ora ambebeneri kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allah, lah iki para kang murang yekti
وَأَنْزَلْنَا إِلَيْكَ الْكِتَابَ بِالْحَقِّ مُصَدِّقًا لِمَا بَيْنَ يَدَيْهِ مِنَ الْكِتَابِ وَمُهَيْمِنًا عَلَيْهِ ۖ فَاحْكُمْ بَيْنَهُمْ بِمَا أَنْزَلَ اللَّهُ ۖ وَلَا تَتَّبِعْ أَهْوَاءَهُمْ عَمَّا جَاءَكَ مِنَ الْحَقِّ ۚ لِكُلٍّ جَعَلْنَا مِنْكُمْ شِرْعَةً وَمِنْهَاجًا ۚ وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ لَجَعَلَكُمْ أُمَّةً وَاحِدَةً وَلَٰكِنْ لِيَبْلُوَكُمْ فِي مَا آتَاكُمْ ۖ فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرَاتِ ۚ إِلَى اللَّهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيعًا فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ فِيهِ تَخْتَلِفُونَ
Lan Ingsun wus andha- wuhaké Kitab marang sira kalawan yekti, minangka ambeneraké apa kang ana ing ngarepé, yaiku Kitab,a sarta minangka kang anjaga marang iku, mulané sira ambebenerana dhèwèké kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allah, lan aja manut pépénginané kang asor saka barang yekti kang wus tume- ka marang sira; tumrap sira kabèh, siji-sijiné, Ingsun wus anetepaké angger-angger lan dadalan, lan saupama Allah angarsakaké, amas- thi sira kabèh kadadèkaké umat sawiji, ananging Panjenengané kapareng anyoba ing sira ing dalem barang kang wus kapa- ringaké marang sira, mulané padha sira babalapana marang panggawé-panggawé becik; ma- rang Allah enggon balinira kabèh, banjur Panjenengané bakal ama- ringi weruh apa kang padha sira pasulayakaké iku
وَأَنِ احْكُمْ بَيْنَهُمْ بِمَا أَنْزَلَ اللَّهُ وَلَا تَتَّبِعْ أَهْوَاءَهُمْ وَاحْذَرْهُمْ أَنْ يَفْتِنُوكَ عَنْ بَعْضِ مَا أَنْزَلَ اللَّهُ إِلَيْكَ ۖ فَإِنْ تَوَلَّوْا فَاعْلَمْ أَنَّمَا يُرِيدُ اللَّهُ أَنْ يُصِيبَهُمْ بِبَعْضِ ذُنُوبِهِمْ ۗ وَإِنَّ كَثِيرًا مِنَ النَّاسِ لَفَاسِقُونَ
Lan supaya sira ambebene- rana dhèwèké kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allah, lan aja manut pépénginané kang asor, sarta sira diprayitna marang dhè- wèké, manawa padha amaéka ing sira saka sapérangané apa kang kadha- wuhaké déning Allah marang sira; ananging manawa dhèwèké padha mléngos, lah weruha sira, manawa Allah karsa angenani patrapan dhè- wèké, amarga saka sawenèhing kaluputané; lan sayekti, kèh- kèhaning manusa iku padha murang yekti

Choose other languages: