Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #23 Translated in Jawa

يَا أَهْلَ الْكِتَابِ قَدْ جَاءَكُمْ رَسُولُنَا يُبَيِّنُ لَكُمْ عَلَىٰ فَتْرَةٍ مِنَ الرُّسُلِ أَنْ تَقُولُوا مَا جَاءَنَا مِنْ بَشِيرٍ وَلَا نَذِيرٍ ۖ فَقَدْ جَاءَكُمْ بَشِيرٌ وَنَذِيرٌ ۗ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
É, para pandhèrèking Kitab! Temen wis tumeka marang sira utusan-Ingsun, anerangaké marang sira ing sabubaring komplangé para utusan, supaya sira ora bakal padha angucap: Ora ana juru-warta bubungah lan juru- pépéling kang tumeka marang aku kéné. Mulané temen, wis tumeka marang sira juru-warta bubungah sarta juru-pépéling; lan Allah iku marang samubarang kawasa
وَإِذْ قَالَ مُوسَىٰ لِقَوْمِهِ يَا قَوْمِ اذْكُرُوا نِعْمَةَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ إِذْ جَعَلَ فِيكُمْ أَنْبِيَاءَ وَجَعَلَكُمْ مُلُوكًا وَآتَاكُمْ مَا لَمْ يُؤْتِ أَحَدًا مِنَ الْعَالَمِينَ
Lan nalikané Musa calathu marang kaumé: O, kaumku! Padha élinga nugrahaning Allah marang kowé, nalikané Panjenengané andadèkaké para nabi ana ing antaramu sarta andadèkaké para ratu marang kowé apa déné amaringi kowé barang kang ora kaparingaké marang para bangsa siji-sijia
يَا قَوْمِ ادْخُلُوا الْأَرْضَ الْمُقَدَّسَةَ الَّتِي كَتَبَ اللَّهُ لَكُمْ وَلَا تَرْتَدُّوا عَلَىٰ أَدْبَارِكُمْ فَتَنْقَلِبُوا خَاسِرِينَ
O, kaumku! Padha malebua Tanah Suci, kang wus tinamtu ing Allah dadi bagéanira, sarta aja padha ambalik ing gegerira, mun- dhak sira padha dadi wong kapitunan
قَالُوا يَا مُوسَىٰ إِنَّ فِيهَا قَوْمًا جَبَّارِينَ وَإِنَّا لَنْ نَدْخُلَهَا حَتَّىٰ يَخْرُجُوا مِنْهَا فَإِنْ يَخْرُجُوا مِنْهَا فَإِنَّا دَاخِلُونَ
Dhèwèké padha calathu: O, Musa! saèstu, ing nglebetipun wonten tiyangipun ingkang sami prakosa, lan saèstu kula boten badhé sami malebet mriku, ngan- tos samedalipun saking ngriku, lah manawi piyambakipun medal sa- king ngriku, saèstu kula tumunten sami malebet
قَالَ رَجُلَانِ مِنَ الَّذِينَ يَخَافُونَ أَنْعَمَ اللَّهُ عَلَيْهِمَا ادْخُلُوا عَلَيْهِمُ الْبَابَ فَإِذَا دَخَلْتُمُوهُ فَإِنَّكُمْ غَالِبُونَ ۚ وَعَلَى اللَّهِ فَتَوَكَّلُوا إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
Wong lanang loro golongané para kang padha wedi, kang sakaroné wus kaparingan nugraha déning Allah, acalathu: Dhèwèké padha lebonana metu gapurané, mengko manawa kowé wis padha malebu mrono, lah sayekti kowé padha wong menang, lan marang Allah kuduné suméndhému ma- nawa kowé iku padha wong angèstu

Choose other languages: