Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #16 Translated in Jawa

وَلَقَدْ أَخَذَ اللَّهُ مِيثَاقَ بَنِي إِسْرَائِيلَ وَبَعَثْنَا مِنْهُمُ اثْنَيْ عَشَرَ نَقِيبًا ۖ وَقَالَ اللَّهُ إِنِّي مَعَكُمْ ۖ لَئِنْ أَقَمْتُمُ الصَّلَاةَ وَآتَيْتُمُ الزَّكَاةَ وَآمَنْتُمْ بِرُسُلِي وَعَزَّرْتُمُوهُمْ وَأَقْرَضْتُمُ اللَّهَ قَرْضًا حَسَنًا لَأُكَفِّرَنَّ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَلَأُدْخِلَنَّكُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ ۚ فَمَنْ كَفَرَ بَعْدَ ذَٰلِكَ مِنْكُمْ فَقَدْ ضَلَّ سَوَاءَ السَّبِيلِ
Lan sayekti temen Allah wus mundhut janjiné para turun Israila lan ana rolas sing Ingsun degaké dadi lulurah; lan Allah angan- dika: sayekti Ingsun anyartani sira; manawa sira padha anjumene- ngaké salat sarta ambayar zakat tuwin padha angèstu ing para utusan-Ingsun apa déné padha angréwangi dhèwèké, lan padha angunjukaké ing Allah pisung- sung kang luhung,a sayekti temen Ingsun bakal angalingi ing sira saka panggawé-panggawénira kang ala, lan sayekti temen sira bakal padha Ingsun lebokaké ing pata- manan kang ing jeroné kali-kaliné padha mili; lah sapa ing antaranira kang angafiri sawisé mangkono iku, temen kasasar saka dalan kang bener
فَبِمَا نَقْضِهِمْ مِيثَاقَهُمْ لَعَنَّاهُمْ وَجَعَلْنَا قُلُوبَهُمْ قَاسِيَةً ۖ يُحَرِّفُونَ الْكَلِمَ عَنْ مَوَاضِعِهِ ۙ وَنَسُوا حَظًّا مِمَّا ذُكِّرُوا بِهِ ۚ وَلَا تَزَالُ تَطَّلِعُ عَلَىٰ خَائِنَةٍ مِنْهُمْ إِلَّا قَلِيلًا مِنْهُمْ ۖ فَاعْفُ عَنْهُمْ وَاصْفَحْ ۚ إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ
Ananging, amarga saka ang- goné padha anyidrani prajanjiané, padha Ingsun bendoni sarta ati- atiné padha Ingsun dadèkaké atos; padha angowahi tembung-tembung saka ing panggonané,b lan padha anglirwakaké sapérangané kang dianggo angélingaké dhèwèké; lan sira bakal tansah amanoni pala- cidrané, kajaba ana sathithik sing ora; mulané padha sira puwunga lan padha singkirana; sayekti Allah iku remen marang wong kang padha agawé becik
وَمِنَ الَّذِينَ قَالُوا إِنَّا نَصَارَىٰ أَخَذْنَا مِيثَاقَهُمْ فَنَسُوا حَظًّا مِمَّا ذُكِّرُوا بِهِ فَأَغْرَيْنَا بَيْنَهُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاءَ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ ۚ وَسَوْفَ يُنَبِّئُهُمُ اللَّهُ بِمَا كَانُوا يَصْنَعُونَ
Lan marang para kang padha angucap: Aku iki Nasrani, Ingsun iya wus amundhut sasanggema- né, ananging padha anglir- wakaké sapérangané kang dianggo angélingaké dhèwèké; mulané Ingsun andadèkaké mumungsuhan lan gething-gethingan antarané dhèwèké tumeka dina kiyamat; lan Allah bakal aparing weruh apa kang wus padha dilakoni
يَا أَهْلَ الْكِتَابِ قَدْ جَاءَكُمْ رَسُولُنَا يُبَيِّنُ لَكُمْ كَثِيرًا مِمَّا كُنْتُمْ تُخْفُونَ مِنَ الْكِتَابِ وَيَعْفُو عَنْ كَثِيرٍ ۚ قَدْ جَاءَكُمْ مِنَ اللَّهِ نُورٌ وَكِتَابٌ مُبِينٌ
É, para pandhèrèking Kitab! Temen wus tumeka marang sira utusan-Ingsun, anerangaké marang sira sapirang-pirang prakara saka ing Kitab kang padha sira umpet- aké lan amuwung sapirang-pirang ; temen wis tumeka marang sira papadhang lan Kitab kang terang saka ing Allah
يَهْدِي بِهِ اللَّهُ مَنِ اتَّبَعَ رِضْوَانَهُ سُبُلَ السَّلَامِ وَيُخْرِجُهُمْ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ بِإِذْنِهِ وَيَهْدِيهِمْ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Iku diagem déning Allah anuntun sapa sing miturut pirena- Né marang dadalaning karahayon, lan angedalaké dhèwèké saka ing pepeteng marang papadhang ka- lawan kapareng-É, lan anuntun dhèwèké marang dadalan kang bener

Choose other languages: