Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Kahf Ayahs #64 Translated in Jawa

وَإِذْ قَالَ مُوسَىٰ لِفَتَاهُ لَا أَبْرَحُ حَتَّىٰ أَبْلُغَ مَجْمَعَ الْبَحْرَيْنِ أَوْ أَمْضِيَ حُقُبًا
(He Muhammad) sira nyritakna lelakone nabi Musa lan nabi Hidir nalika semana nabi Musa paring pangandhika marang keluargane kang aran nabi Yusa’, pangandikane, "Aku ora arep leren mlaku nganti aku tumeka ing pangginan kumpuling segara loro (segara Rum lan segara parsi, awit dhawuhe Allah aku bakal ketemu nabi Hidir ana ing kono) utawa aku nganti mlaku ngati pirang - pirang tahun lawase mesti tak lakoni
فَلَمَّا بَلَغَا مَجْمَعَ بَيْنِهِمَا نَسِيَا حُوتَهُمَا فَاتَّخَذَ سَبِيلَهُ فِي الْبَحْرِ سَرَبًا
Bareng sak karone (nabi Musa lan nabi Yusa’) wis tumeka ing panggonan kumpuling segara loro mau, lali marang iwak kang wis disediakake kanggo dahare. Dene iwak iku nuli ngambah dalane nyemplung ing sak jroning segara. Dene segara kang dienggo liwat iwak mau, banyuni nisih, dadi bolong kaya lurung ora bisa pulih
فَلَمَّا جَاوَزَا قَالَ لِفَتَاهُ آتِنَا غَدَاءَنَا لَقَدْ لَقِينَا مِنْ سَفَرِنَا هَٰذَا نَصَبًا
Bareng lakune wong loro mau wis liwat panggonan ing tempuling segara loro mau, nabi Musa dawuh marang nabi Yusa’," Mara ladekna sanguku dhedhaharan, awit anggonku mlaku wis sayah lan luwe
قَالَ أَرَأَيْتَ إِذْ أَوَيْنَا إِلَى الصَّخْرَةِ فَإِنِّي نَسِيتُ الْحُوتَ وَمَا أَنْسَانِيهُ إِلَّا الشَّيْطَانُ أَنْ أَذْكُرَهُ ۚ وَاتَّخَذَ سَبِيلَهُ فِي الْبَحْرِ عَجَبًا
Nabi Yusa’ matur punapa panjenengan mboten wuninga, nalika kula kendel wonten ing sela punika, yektos kula kesupen ulam wau, mboten wonten ingkang nyupekaken nerangaken perkawis ulam kajawi syetan, serta ulam wau sampun ngambah marginipun wonten ing seganten ingkang nggumunaken
قَالَ ذَٰلِكَ مَا كُنَّا نَبْغِ ۚ فَارْتَدَّا عَلَىٰ آثَارِهِمَا قَصَصًا
Nabi Musa banjur ngendika, "Lahiku kang ingsun nggokeke." (awit dhawuhing Allah ing ngendi anggoning ilang iwak mau yaiku panggone nabi Hidir) sak karone banjur bali maneh nutur tilase

Choose other languages: